Senin, 22 September 2014

Kang Pinunjul



Waosan : Lukas 9 : 46 – 50 | Pamuji : KPK 137
Nats: “Sing sapa nampani bocah iki atas saka jenengKu, dadi Aku kang ditampani, lan sing sapa nampani Aku, iku dadi nampani kang ngutus Aku.” [ayat 48]

Tembung “saingan” ngemu teges ingkang sae lan awon. Saenipun, sarana saingan kita gadhah semangat ngupaya  lan nindakaken pedamelan kanthi temen-temen. Awonipun, kita ingkang boten siap, dados nglokro ngupaya lan nindakaken pedamelan, karaos awrat sanget. Pungkasanipun kita nyerah kalah.
Ing antawisipun para sakabat sami padu bab sinten ingkang pinunjul ing antawisipun sakabat menika. Gusti Yesus mangertos pemanggihipun para sakabat. Saking ngriku Gusti Yesus mendhet lare alit lan dipun sandhingaken. Gusti Yesus lajeng ngandika sinten ingkang purun nampi lare alit menika ateges nampi Gusti Yesus. Karana menika ingkang alit ingkang dados ageng. Dhawuhipun Gusti Yesus menika ngengetaken para sakabat, sinten ingkang kepingin pinunjul kedah purun lelados dhateng sesaminipun.
Sampun dados wataking manungsa kepingin pinunjul tinimbang sanesipun. Karana menika kathah tiyang ingkang pados jabatan ingkang inggil, pedamelan ingkang sae, supados langkung pinunjul tinimbang sanesipun. Malah tiyang ingkang kepengin pinunjul ugi ketingal ing greja. Conto wonten tiyang ingkang rumaos paling sae anggenipun khotbah, paling kathah anggenipun ngaturaken pisungsung dhateng greja, paling sregep nuweni warga, paling seken ngabekti. Sedaya tumindak menika sae. Nanging yen setunggal lan sanesipun sami ngegungaken kapinteran, kasagedan, kasaenanipun piyambak-piyambak, dados boten sae. Boten wonten bentenipun kaliyan para sakabat ingkang rebutan posisi ingkang pinunjul.
Gusti Yesus ngersakaken kita andhap asor, boten ngegungaken dhiri. Kita kedah nindakaken sedaya pakaryan lan peladosan minangka wujud saos sukor kita dhumateng Gusti. Kapinteran, kasagedan lan kasaenan salebeting gesang kita namung kagem kamulyaning asmanipun Gusti. Karana menika mangga kita nindakaken peladosan dhateng sesami kanthi manah ingkang tulus. Srana pitados namung Gusti Yesus kemawon kang pinunjul salebeting gesang kita. [AR]
Kang pinunjul salebeting gesang kita namung Gusti Yesus

Tidak ada komentar:

Posting Komentar