Senin, 20 Januari 2014

Dadi Jalarane Karahayon



Waosan : Ibrani 5 : 1 – 10
Pamuji KPK 62 : 1, 2
Nats : Lan sawise nggayuh kasampurnane, Panjenengane dadi
jalarane karahayon kang langgeng tumrap sakehing wong kang mituhu marang Panjenengane.[9]

Ngantos dumugi samangke ing antawis kita taksih wonten kemawon priyantun ingkang dados orangtua asuh langsung utawi boten langsung. Para tetiyang menika apengawak dados orangtua asuh, tegesipun mapanaken gesangipun dados gantosipun tiyang sepuhipun lare ingkang mbetahaken pitulungan, kanthi tujuan saged dados pitulungan kangge lare-lare ingkang mbetahaken. Priyantun menika kedah nggadhahi empati (welas asih) dhateng lare ingkang dipun tulungi, purun nyanggi sawetawis malah saged ugi sedaya kabetahanipun lare punika, paring tutunan, tulada,lsp kanthi tujuan karahayonipun lare ingkang dipun tulungi, karahayon lair lan batin, donya akerate.
Gusti Yesus ing waosan kita menika jumeneng dados jalaranipun manungsa ingkang mituhu dhateng Panjenenganipun nampi karahayon langgeng. Imam Agung kapiji saking antawisipun manungsa, katetepaken dados pantaranipun manungsa kaliyan Gusti Allah, supados nyaosaken kurban tumraping dosa. Imam Agung kedah saged ngraosaken kasangsaranipun manungsa, karana piyambakipun piyambak ugi kebak ing kaapesan. Imam Agung kedah nyaosaken kurban tumraping dosa, boten namung kangge umat ananging ugi kangge badanipun piyambak.
Mekaten ugi Gusti Yesus minangka Imam Agung, senadyan boten saged kasamekaken kaliyan Imam Agung-Imam Agung sanesipun, karana Gusti Yesus tanpa dosa. Gusti Yesus sampun ngurbanaken sariranipun pribadi ing kajeng salib, sepisan kangge salaminipun, kangge karahayonipun jagad. Dados jalaranipun manungsa, ingkang mituhu dhateng Panjenenganipun, nampi lan nggadhahi karahayon lair batin, donya akeratipun. Kula lan panjenengan sami ingkang sampun nampi karahayon saking Gusti, wonten ing pundi kemawon dunung kita, lan kadosa pundi kemawon kawontenan kita, katimbalan dados jalaranipun tiyang sanes nampi lan ngalami karahayon ingkang wetah, lair batin, donya akerate. Amin. [SS]
“Kita kaslametaken supados dados jalaran kaslametaning tiyang sanes.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar