Rabu, 08 Januari 2014

Ontang-anting Apa Pontang-panting!



Waosan : 1 Yokanan 4 : 11 – 18
Pamuji : KPK 153 : 1, 2, 3
Nats : Gusti
Allah kuwi asipat tresna” [ayat 16b]

‘Kaya gabah diinteri’. Mekaten tiyang Jawi mastani tumraping saperangan tiyang ingkang sibuk ‘ngalor  ngidul, ngetan  ngulon’, anggenipun nyambut damel lan nyobi nyekapi kabetahaning gesang, lan malah wonten ugi ingkang ngantos pontang-panting.
Yokanan nglairaken pengaken: ‘Gusti Allah kuwi asipat tresna’ lan Yokanan mboten ngucap: ‘Tresna kuwi Allah’. Pangertosan kita bab tresna menika cethèk, pramila asring kita nganggep tresna menika dados ukuranipun manungsa sae utawi mboten sae.
Menawi mboten wonten tiyang ingkang saged ningali Gusti Allah, lajeng kadospundi kita saged nyumerepi Panjenenganipun? (ayat 12). Yokanan nyerat: ‘Ora ana wong siji wae sing wis tau weruh Gusti Allah. Nanging Putrane Allah ontang-anting, sing jumeneng Allah piyambak, lan sing tetunggilan karo Sang Rama, kuwi sing ngetingalake Gusti Allah marang kita.’ (Yokanan 1:18). Gusti Yesus menika gegambaran ingkang sampurna bab Gusti Allah, ingkang awujud manungsa, lan Panjenenganipun ingkang nepangaken Gusti Allah dhateng kita. Menawi kita nindakaken tresna-tinresnan, lumantar kita Gusti Allah ingkang mboten ketingal nepangaken Sariranipun dhateng sesami kita.
‘Dinten Pengadilan’ inggih menika dinten wekdal sedaya titah madhep ing ngarsanipun Sang Kristus lan sami badhe kaetang tandang-damelipun (ayat 17). Mboten wonten alesan kangge ajrih tumraping para tiyang pitados, sebab Sang Kristus sampun maringi pangluwaran. Malah kita saged ningali endahing Dinten Pengadilan punika lan ngajeng-ajeng rawuhipun. Awit bab menika ateges mengkeripun dosa lan wiwitaning sesambetan ingkang langkung raket lan sampurna: aben ajeng kaliyan Sang Kristus.
Yen mekaten, mboten perlu malih kita pontang-panting, nanging cekap konsentrasi dhumateng Sang Putra ontang-anting. Amin. [Esha]
“Sang Alpha lan Sang Omega Pangreh jagad lan swarga”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar