Selasa, 28 Januari 2014

Paseksining Gesang



Waosan : Para Rasul 22 : 3 – 16
Nats : Ayat 14
Pamuji : KPK 61

Wekdal kula jagongan kaliyan salah satunggaling warganing pasamuwan, piyambakipun  mungel, “Wah teologi punika rak panganan swarga ta, Bu. Menawi kula warga biasa mboten paham saestu bab teologi”.  Asring sanget teologi punika dados perkawis ingkang dipunraosaken sanes konsumsinipun warga, nanging para pandhita lan ndadosaken ajrih. Teologi namung dipunpahami minangka kawruh (ilmu) agami.
Pitakenanipun, punapa teologi namung mandheg ing bab pangertosan kemawon? Punapa estu warganing pasamuwan babar pisan mboten saged ngecakaken teologi ing gesang padintenan? Kita pitados lumantar kotbah, kataksasi, prinsip iman Kristen sampun dipunmangertosi dening warga pasamuwan, kados bab kawilujengan, dosa, karesnan, lsp.
Wekdal ngangsu kawruh kawruh teologi, wonten ingkang kasebat teologi operatif. Cekakipun nyebataken menawi sedaya manungsa saged ngecakaken teologi awit sami ngraosaken Gusti Allah makarya ing gesangipun.
Punika ingkang dipunalami dening Rasul Paulus. Waosan dinten punika ngetingalaken kados pundi Paulus njlentrehaken bab kasaenanipun Gusti Allah ing lampahing gesangipun. Rumiyin piyambakipun dados tiyang Yahudi ingkang estu manut ing paugeraning agama. Ngantos wekdal mireng wonten sekte (aliran) pendherekipun Gusti Yesus, punika dipun anggep minangka ajaran sesat. Ananging wonten satunggal lelampahan ingkang dados titik balik gesangipun. Gusti Yesus miji piyambakipun lan ngetingalaken kuwaos lan sih katresnanipun. Lajeng gesangipun dados manungsa ingkang mboten bringas, lan makarya kagem kaluhuran asmanipun Gusti.
Menawi Rasul Paulus ngakeni bilih Gusti ingkang ngirit ing margi kaleresan, Prabu Dawud ugi ngraosaken Gusti Allah dados pangenipun ingkang utama, lajeng sinten Gusti miturut kita? Tamtu punika gumantung anggen kita ngraosaken pakaryanipun Gusti ing lampah gesang kita. Sumangga kita mendhet wekdal sawetawis kangge ngemut-emut lelampahaning gesang ingkang estu namung karana Gusti kita saged kiyat, saged uwal saking rubeda, saged mrantasi perkawis ingkang karaos awrat. Lan mangga dipun isi titik-titik ing pungkasaning reraosan punika. Gusti iku ………………….ku! Amin [PKS]
“Gusti, Paduka dados samukawis ingkang prayogi ing gesang kawula.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar