Kamis, 30 Januari 2014

Wiwit Saking Alit



Waosan : Markus 4 : 21 – 29
Pamuji : KPK 81
Nats : “… nuli yen bengi turu, yen awan tangi, lan wiji mau thukul sarta saya dhuwur, kapriye tumindake, wong mau ora ngreti.” [ayat 27]

Bab panggulawentah iman dhateng anak dados perkawis ingkang wigatos lan mboten kenging dipun sepelekaken kangge tiyang sepuh. Wiwit anak menika taksih alit ngantos ageng, tiyang sepuh nggadhahi tanggel jawab ageng tumrap tuwuhing imanipun anak. Kados tiyang tani ingkang nandur winih, lajeng dipun sirami, dipun rabuk, dipun rimati supados taneman menika saged tuwuh kanthi sae lan ngedalaken woh ingkang gembel. Mekaten ugi pengajeng-ajeng bab tuwuhing iman kapitadosanipun anak-anak kita dhateng Gusti Yesus.
Gusti Yesus anggenipun memucal dhateng para sakabat lan para tiyang Yahudi asring migunakaken pasemon. Tujuanipun supados pawartos Kratoning Allah menika saged langkung gampil dipun mangertosi lan dipun tampi. Ing waosan menika, Gusti Yesus paring pasemon bab damar, ukuran lan winih ingkang tuwuh. Damar menika prayoginipun dipun salap ing papan inggil, mboten dipun kurebi tompo utawi dipun selap longan. Saking pasemon menika Gusti Yesus ngersakaken supados gesang kita saged dados padhanging gesang. Kaping kalih, pasemon bab ukuran. Ukuran menapa ingkang kita damel ngukur sesami kita, menika ingkang badhe kaukuraken dhateng kita. Artosipun, kita mboten saged ngakimi tumindakipun sesami kita miturut pemanggih kita. Pasemon katiga, bab kratoning Allah kados winih ingkang tuwuh. Kapan wancinipun mboten wonten ingkang sumerep. Pasemon menika nggadhahi teges sih rahmat lan pangrimatanipun Gusti menika tuwuh ing gesang kita, nadyan mboten kasat mripat.
Iman menika tuwuh saking bab-bab ingkang prasaja (sederhana), ingkang kita lampahi ing gesang sadinten-dinten, kados pandonga, pamuji lan pangibadah kita. Kados winih, iman kedah dipun rimati supados tuwuh lan ngedalaken woh tumraping gesang kita. Wiwit saking alit, kita sampun nepangaken Gusti Yesus dhateng anak-anak. Kita mboten ngremehaken bab pendidikan iman dhateng anak-anak. Lumantar kasetyan kita nggulawentah kanthi tumemen tamtu ndadosaken kadewasaning iman anak-anak kita. [AR]
Tuwuh lan santosaning iman mbetahaken pangrimat kados dene taneman.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar