Senin, 06 Januari 2014

Padha Gumrudug



Waosan : Mateus 4:12-17,23-25
Pamuji :
KPK 81:1,3,4
Nats
: Wong akeh padha gumrudug nderekake tindake, pinangkane saka ing tanah Galelea, ing Dekaplis, ing Yerusalem lan
ing tanah Yudea tuwin ing sabrange begawan Yarden. (ay. 25)

Jaman rumiyin taksih asring tiyang utaminipun lare-lare sami ningali komedi kethèk. Samangke sampun dipun awisi (mliginipun ing Jakarta). Menawi wonten tiyang ingkang nanggap komedi kethèk, lare-lare sami ningali, ngrubung. Menawi komedi kethèk menika pindah dhateng griya sanesipun, lare-lare sami gumrudug ngetutaken. Kenging menapa lare-lare menika sami ngetutaken? Karana komedi kethèk menika tumraping lare-lare dados hiburan ingkang murugaken lare-lare dados seneng. Wonten bab-bab ingkang menarik kawigatosanipun lare-lare.
Ayat 25 saking waosan kita inggih ngandharaken kathah tiyang sami gumrudug ndherekaken tindakipun Gusti Yesus. Kenging menapa tiyang-tiyang menika sami ndherekaken tindakipun Gusti Yesus? Amargi pakaryan ingkang katindakaken dening Gusti Yesus: memulang ing papan pangibadah, nggelaraken Injiling Kraton, nyarasake sarupaning lelara lan sarupaning memala. Mliginipun nyarasaken sarupining sesakit lan memala (24b); pakaryan menika igkang murugaken tiyang-tiyang sami ndherekaken Gusti Yesus. Ndherek Gusti Yesus amargi mukjijat ingkang katindakaken.
Kula lan panjenengan sami ndherek/ndherekaken Gusti Yesus? Menapa ingkang murugaken kita sami ndherek Gusti Yesus? Menapa namung margi mukjijat? Menapa karana Gusti Yesus menarik perhatin kita? Sami engeta bilih ndherek Gusti Yesus kedah nyingkur awake dewe lan mikul salibe (Luk 9:23), langkung nengenaken Gusti Yesus, katimbang bab-bab sanesipun (Lukas 14: 26,33). Menapa kita sagah nindakaken timbalan menika? Sampun ngantos angger gumrudug kemawon, tegesipun namung melu-melu, anut grubyug. Nanging kedah kanthi pitados piyambak. Yen namung anut grubyug gampil kecalan kapitadosan samangsa kedah gesang piyambakan ing tengahing masyarkat ingkang benten kapitadosan. Ndherek Gusti Yesus ugi ngemu tanggel jawab pribadi. Amin. [SS]
Rame-rame pancen seneng, ning yen ijen kudu tetep wani.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar