Rabu, 22 Januari 2014

Tumindak Becik Apa Tumindak Ala ?



Waosan : Markus 3 : 1 – 6
Pamuji : KPK 174 : 1
Nats :  “…… apa kang diparengake ing dina sabat, tumindak becik apa tumindak ala, nylametake wong apa mateni wong?…..” [ayat 4]
Wonten satengahing khotbah pangibadah minggu, Bapak Pendeta mundhut pirsa dhateng pasamuwan “Punapa pikantuk yen wonten dokter mitulungi tiyang sakit ing dinten sabat?” Lajeng wonten satunggaling warga pasamuwan ingkang mangsuli pitakenanipun Bapak Pendeta kalawau, “Inggih mboten saged, Pak, amargi sabat punika dinten kagem Gusti. Punika rak nerak angger-anggeripun Gusti”. Lajeng warga sanesipun inggih mangsuli, “Yen miturut pamanggih kula,  mboten punapa-punapa. Amargi tiyang punika sanget mbetahaken pitulunganipun dokter”. Punika kalawau pro-kontra ing antawisipun warga pasamuwan ingkang kagungan pamanggih piyambak-piyambak.
Miturut waosan ing inggil kalawau, Gusti Yesus paring pangandika bilih tumindak ingkang sae kedhah kita lampahi, nadyan ing dinten sabat. Kados pundi umpami dokter kalawau mboten kersa mitulungi pasien ingkang saestu mbetahaken punapa malih kritis? Kita saged mbayangaken kados pundi kedadosanipun. Lan menika saged nyengsarakaken lan nyisahaken tiyang sangsara.
Wonten ing Markus 3:1-6, sampun katedahaken kanthi gamblang bilih Gusti Yesus piyambak mitulungi tiyang sakit ing dinten sabat. Pramila kita mboten perlu mangu-mangu malih mitulungi tiyang utawi sedherek ing dinten sabat. Punapa malih kita tansah damel kabecikan saben dintenipun wonten ing pundi papan lan wekdal.
Ewasamanten, badhe dados mboten prayogi menawi kita “golek-golek” pendamel sae in saben dinten sabat supados mboten kedah ngabekti dhumateng Gusti, punapa malih yen “golek-golek” pasien kanthi bayaran langkung kathah. Cekakipun, punapaa kemawon (kasaenan) ingkang kedah kita tindakaken ing dinten sabat, kedah dados bukti anggen kita bekti dhumateng Gusti. Gusti mberkahi. [DG]
“Dina sabat iku kanggo manungsa, dudu manungsa kanggo dina sabat”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar