Selasa, 24 April 2012

Digdaya Tanpa Aji, Sugih Tanpa Bandha


Waosan               : Kisah Para Rasul 7: 51-8:1
Pamuji                  : KPK. 99

Nats: “Sampeyan sampun sami tampi angger-anggering Toret….. nanging sami boten sampeyan tetepi (ay 53)
Stefanus (saking basa Yunani) tegesipun Makutha. Piyambakipun misuwur minangka tokoh wigati ing Kitab Suci krana seda pangawak martir (sahid) Kristen ingkang wiwitan. Piyambakipun wantun paring paseksi gegayutan kaliyan iman kapitadosanipun. Stefanus boten mlajeng saking kasunyatan ingkang ewet. Pancen karana Gusti Yesus, Stefanus dipun sengiti. Malah seda srana dirajam, dipun balangi sela ngantos seda. Ananging sedanipun nuwuhaken gesang, makuthaning kawilujengan.
Leres, ing negari-negari Eropa, wonten kasebut pesta Stefanus, ingkang dipun pengeti pestanipun sedinten sasampunipun dinten Natal, dinten wiyosipun Gusti Yesus.  Gusti Yesus rawuh boten kanthitangan kosong, Panjenenganipun ngasta makuthaning gesang, lan Stefanus sampun nampi makuthaning gesang kalawau.
Tuladha Stefanus ngemutaken kita bilih suka bingah umat ing dinten Paskah kedah tansah dipun gayutaken kaliyan semangat salib lan peladosan tumrap sesamining titah. Karana suka bingah kita ugi wujuding suka bingahing manungsa lan ugi dados suka bingahing titah sadaya ingkang pikantuk sih palimirmanipun Allah. Kanthi salib lan wungunipun Sang Kristus kita kawilujengaken, mila kita ugi wajib martosaken kautamaning salib lan wungunipun Sang Kristus. Kita sinau ngucap syukur atas sih rahmat suka bingahing wungunipun Gusti Yesus. Saking menika kita paring paseksi bab kautamaning iman tanpa ajrih kasangsaran, nanging kedah kanthi andhap asor lan katresnan tulus. Saking menika katampia Sang Kristus tumrap sadaya bangsa. (Krispong)
“Digdaya tanpa aji, sugih tanpa bandha, nglurug tanpa bala,menang tanpa ngasorake (RM. Sasra Kartono)
Yen cepet aja ndhisiki, yen landhep aja natoni”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar