Rabu, 04 April 2012

Nyade Kapitadosan = Bucal Kawilujengan


Waosan               : Mateus 26 : 14 – 25
Pamuji                  : KPK 55

Nats: “Kula badhe kaparingan punapa…. (ay: 15)
Dados pandherekipun Gusti ing negari Indonesia sanes bab ingkang gampil. Kathah panggodha lan pepalang saha tantangan ingkang ndadosaken sedayanipun karaos awrat. Wujuding panggodha-panggodha punika maneka warni, wiwit saking himpitan sacara fisik ngantos himpitan sacara psikis. Wiwit saking karir panyambut damel ngantos himpitan ekonomi. Saking himpitan-himpitan punika, tiyang pitados saged nilaraken kapitadosanipun murih pikantuk “kaluberan” lan “kanikmatan” ing gesang punika. Ukara ingkang pas lan cocok kaliyan kawontenan punika inggih punika “NYADE KAPITADOSAN MURIH LUBERING KABEKTAHAN GESANG”.  Sampun kathah sanget conto-conto ingkang saged kita tingali ing pigesangan punika magepokan kaliyan nilaraken kapitadosan namung karana iming-iming kaluberan lan kanikmataning ndonya.
Boten tebih kaliyan lelakonipun Yudas Iskariot salah satunggaling sekabatipun Gusti Yesus. Namung karana 30 keping perak Gusti Yesus kasade. Yudas Iskariot punika minangka kaca pangilo kagem tiyang-tiyang murtad ingkang nilaraken Gusti namung karana bandha kadonyan. Kita sadaya sami sumurup, tumrap kawontenan manungsa ingkang mekaten gesangipun tansah boten ayem lan boten tentrem. Awit Yudas Iskariot piyambak pungkasanipun, mungkasi gesangipun kanthi cara ingkang boten ngremenaken lan mrihatosaken sanget.
Pramila, sampun ngantos kita kapincut godhaning ndonya ingkang ketingal nengsemaken menika. Kawilujengan ingkang dipun cawisaken dening Gusti langkung aji tinimbang godhaning ndonya. Kawilujengan punika saged lestari langgeng namung wonten ing gesangipun tiyang-tiyang ingkang kiat, teguh lan setya dhumateng Panjenenganipun. Amin. [GaSa]
“Iman kapitadosan punika kuncining kori kawilujengan. Yen kunci punika kasade, korining kawilujengan boten badhe saged kawengakaken”
Sumber Tulisan : gkjw.web.id
Sumber gambar : gsja.org

Tidak ada komentar:

Posting Komentar