Senin, 30 April 2012

Gusti Yesus Menika Kori


Waosan:  Yokanan 10:1-10 
Pamuji  :  KPK 61

Nats: “Aku iki lawange; sapa kang lumebune metu ing Aku, iku bakal kapitulungan rahayu, sarta bakal lumebu lan metu, apadene bakal nemu pangonan” (ay 9)
Wonten ing kitha Semarang wonten salah satunggaling bangunan ingkang kathah sanget korinipun. Pramila bangunan menika kawastanan Lawang Sewu. Krana kori bangunan menika kathah sanget, mila yen dereng nate lumebet ing mriku tamtu gampil keblasuk. Kori kathah njalari manungsa gampil keblasuk. Lha yen korinipun namung satunggal, menapa ugi mekaten? Kedhahipun yen namung kori satunggal boten ndadosaken tiyang keblasuk.
Boten limrah lan boten kondhang bilih Gusti Yesus nyebat diri minangka kori. Ananging inggih sebatan kori menika ingkang dipun sebataken dening Yokanan 10 kagem Gusti Yesus. Sadaya tiyang ingkang langkung ing Gusti Yesus mesthi tansah kapitulungan rahayu lan badhe manggihaken pangening gesang. Kados dene menda ingkang mbetahaken raos tentrem inggih mekaten ugi kita wonten ing alam donya. Lan samangke kita mangertos bilih margining karahayon lan kawilujengan menika namung kori satunggal inggih menika Gusti Yesus. Gusti Yesus boten korining karahayon lan gesang langgeng, nanging ugi korining kabegjan lan katentremaning gesang ing alam donya. Yen kita mangertos bilih korinipun gesang menika satunggal kita tamtu boten badhe keblasuk dateng panggenan sanes. Nanging menapa saestu sampun boten keblasuk anggen kita lumampah ing pigesangan kita?
Yen gesang panjenengan taksih asring ngalami kacilakan lan kasisahan, swawi lumebet ing pigesangan anglangkungi kori kabegjan lan katentreman menika, nenggih Gusti Yesus. Anggen kita lumebet langkung Gusti Yesus kedah kanthi ngrucat sadaya ngelmu, kasekten lan kapitadosan sanes. Amin. (to2k)
“Namung Gusti Yesus korining karahayon, kabegjan lan katentreman sejati.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar