Kamis, 26 April 2012

Yesus Tedhaning Kalanggengan


Waosan: Yokanan 6: 44 – 51
Pamuji  : KPK 54

Nats: “… sing sapa mangan iku ora bakal mati.” (ayat 50)
Wonten pitakenan: “Mangan kanggo urip?” utawi “urip kanggo mangan?” Pitakenan punika nedahaken bilih “urip” langkung utami tinimbang “mangan”. “Mangan” punika kangge “urip”, dene “urip” punika nggih kedah kangge “urip” (langgeng), sanes kangge “mangan”.
Nanging ing pigesangan jaman samangke ingkang kawengku dening “Hedonisme” (kenikamatan), tiyang kathah langkung nengenaken bab tetedhan tinimbang kautamening gesang. Tiyang kathah langkung mentingaken raos ecaning tetedhan tinimbang kesehatanipun. “Sing penting enak tenan”, boten maelu nadyan ingkang eca punika gampil murugaken warni-warni pisakit, kados ta kangker, diabetes, kolesterol tinggi, lsp.
Gusti Yesus, rotining panguripan, dados tedhaning kalanggengan. Namung sariranipun Gusti Yesus ingkang kakurbanaken ing kajeng salib ingkang murugaken raos wareg salaminipun, nggih punika gesang langgeng. “… sing sapa mangan iku ora bakal mati.” Tegesipun, srana nampeni pangurbanan sariranipun Gusti Yesus kita kauwalaken saking kasangsaran langgeng wohing dosa.
Nanging nedha sariranipun Gusti Yesus punika sanes prakawis ingkang gampil, nadyan katingalipun gampil. Karana, nedha sariranipun Gusti Yesus ugi ateges kedah purun lan saged ngalami punapa ingkang dipun alami dening Gusti Yesus. Anggenipun nyawisaken tedhaning kalanggengan punika Gusti Yesus nindakaken paladosan kalayan katresnan lan ngurbanaken dhiri ngantos ngalami kasangsaran. Dados sinten ingkang kepingin nampeni tedhaning kalanggengan punika ugi kedah sagah nindakaken paladosan kalayan katresnanipun Gusti, nyaosaken wekdal, tenaga, pikiran lan malah bandha kagem paladosan pakaryanipun Gusti, saha sagah nyanggi kasangsaran ing donya. Amin. [ST]
“Panganan kanggo raga ora luwih wigati tinimbang pandonga kanggo jiwa”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar