Rabu, 18 April 2012

Gusti Pepadhanging Jagad


Waosan: Yokanan 3: 16 – 21
Pamuji : KPK 160

Nats: …sing sapa nindakake piala mesthi sengit lan nyingkur marang pepadhang… (ayat: 20)
Lelampahan wonten ing salebeting pepeteng, kagambaraken minangka bab ingkang magepokan kaliyan dosa lan kalepatan. Limrahipun manungsa anggenipun nyambut damel mesthi remen ing wanci padhang (wiwit saking mletheke srengenge ngantos dumugi amblese), awit sadaya saged katingal kanthi cetha. Kejawi saking menika nyambut damel ing wanci padhang saged ndadosaken padamelan punika nemahi asil ingkang sae. Wiwit panyambut damel ingkang magepokan kaliyan dayaning raga ngantos wujuding panyambut damel ingkang ngginaaken dayaning pikiran. Wiwit saking para tani, para karyawan, para pengusaha ngantos para pejabat mesthinipun remen nyambut damel ing wanci padhang.
Nanging boten saged dipun selaki bilih  wonten sawatawis tiyang ingkang boten saged ngudi panyambut damel ing wanci padhang. Malah-malah pepadhang dados mengsahipun, karana  rumaos bilih awit saking pepadhang panyambut damelipun boten saged kaleksanan. Mbokbilih kita sadaya sami mangertos padamelanipun para durjana ingkang tansah gandheng kaliyan pepeteng. Kados ta Maling, begal, rampog, lsp limrahipun nindakaken padamelanipun ing wanci peteng. Langkung mbebayani malih yen tiyang ingkang ketingalipun tansah wonten ing pepadhang nanging nindakaken patrap pepeteng.
Rawuhipun Gusti ing donya punika ngemu tujuan paring pitulungan tumrap tiyang-tiyang ingkang gesangipun kasaput ing pepeteng. Awit ingkang kasaput ing pepeteng punika boten saged nampeni tentrem lan rahayu. Gusti Rawuh ngasta pepadhang supados manusa saged ngalami tentrem rahayu, supados manusa nglampahi laku utama. Amin. [GaSa]
“Sapa kang kepingin urip ayem tentrem, kudu ngalami urip ing jroning pepadhange Gusti.”
Sumber : gkjw.we.id dan 3.bp.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar