Senin, 02 April 2012

Opo Gunane Urip?


Waosan               : Yesaya 42:1-7
Pamuji                  : KPK. 176:1,2

Nalika taksih remaja, kula nate taken dhateng dhiri kula piyambak: “apa se sejatine tujuane uripe manungsa ngono?”. Bokmenawi pitaken kula menika tuwuh krana kalasemanten kula gumun kaliyan donya menika, dene menapa kathah tiyang wira-wiri, umyek mrika-mriki, apa sejatine sing digoleki? Kathah tiyang sami repot nggayuh sawetawis, nanging sejatine apa ta sing digoleki?
Gegilut pitaken ing nginggil kalawau, wonten ahli teologi saking swiss, Karl Barth, nate paring piwucal bilih sejatosipun tiyang Kristen boten perlu taken tumraping tujuan gesangipun. Leres pancen, awit srana dados Kristen, otomatis menika sampun nedahaken identitas sarta tujuan gesanging manungsa. Dados Kristen sejatosipun inggih dados “pandhereke Kristus”. Srana makaten, tujuan gesang manungsa Kristen sejatosipun inggih tumuju  “tujuan Kristus” piyambak.
Dhawuhipun Gusti dinten menika paring pitedah bilih manungsa pancen nggadhahi angkahing gesang (tujuan). Nanging tujuan gesangipun manungsa menika sanes manungsa piyambak ingkang ndamel. Ugi sanes rancanganing manungsa piyambak. Tujuan gesanging manungsa malah sangsaya minulya malih, krana Gusti Allah ingkang paring karsa. Kula lan panjenengan ugi perangan saking rancanganipun Gusti Allah.
Krana Gusti Allah menika ingkang nemtoaken tujuaning gesang, ateges gesang kula lan panjenengan menika minangka respon/wangsulan kangge nedahaken pambangun turut kita dhumateng Gusti Allah, kados Gusti Yesus anggenipun mbangun turut dhumateng Kang Rama. Pungkasanipun, nalika manungsa taken tujuan gesangipun, prayogi menawi lajeng taken: “menapa timbalanipun Gusti dhateng dhirinipun piyambak?” Lan sumangga kita mujudaken respon (wangsulan) kita tumrap timbalanipun Gusti menika srana wujud pambangun turut kita dhumateng Gusti Allah ing gesang saben ari. (Krispong)
“Urip kang kebak ing tujuan ora gumantung sepira dawane umur kita ana donya, ananging gumantung sepira gedhene panggawe becik kang kita lakoni ing sajrone urip.”

Sumber Tulisan : gkjw.web.id
Sumber gambar : http://4.bp.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar