Jumat, 06 April 2012

The End



Waosan               : Yokanan 19: 28 – 30
Pamuji                  : KPK 263

Nats: “…. Gusti Yesus tumuli ngandika:”Wus rampung!”(ay 30)
Saben mirsani film utawi sinetron tamtu yen sampun kaserat TAMAT utawi SELESAI utawi THE END menika mratandani bilih film utawi sinetron menika cariosipun rampung. Ananging tembung “WUS RAMPUNG” kados dawuh pangandikanipun Gusti Yesus ing kajeng salib menapa ugi sampun rampung cariosipun Gusti Yesus? Yen menika mratandhani cariosipun Gusti Yesus sampun rampung tamtu pamirsa kuciwa awit pungkasanipun boten sae. Umpami Gusti Yesus menika jagoanipun tamtu pungkasanipun carios jagoanipun seda. Tamtu dawuhipun Gusti Yesus “WUS RAMPUNG” menika boten makaten. Lajeng kados pundi tegesipun?
Sepisan, “wus rampung” ngemu teges bilih ayahanipun Gusti Yesus nebus dosa-dosanipun manungsa menika sampun rampun. Puputing kasetyanipun Gusti Yesus anggenipun netepi timbalanipun Sang Rama pancen sampun rampung. Anggenipun paring pawartos pamratobat srana mukjijat lan pratandhanipun swarga pancen sampun rampung. Samangke kantun dhateng manungsa, menapa purun pitados dhateng Gusti Yesus menapa nyingkur Gusti Yesus?
Kalih, sadaya dayaning dosa inggih menika pati, kasedihan, was sumelang lan sesakit sampun rampung dipun tebus dening Gusti Yesus. Kanthi makaten gesanging tiyang pitados sampun kawengku ing gesang enggal ingkang kebak pangajeng-ajeng. Gesang kita ingkang rumaos kemrungsung, ngoyo-oyo lan rekasa samangke sampun dipun rampungi dening Gusti Yesus. Jer, kita pitados bilih sedanipun Gusti menika pancen ngrampungi sedaya momotaning gesang kita. Kados pundi samangke? Yen ngantos samangke kita taksih nyanggi maneka warni momodaning gesang, sumangga kita pasrahaken dhateng Gusti Yesus ing kajeng salib, supados dipun rampungi. Ingkang baken Gusti dawuh “WUS RAMPUNG/TAMAT/SELESAI/The END” (to2k)
“Srana sedaniPun ing kajeng salib, Gusti Yesus ngrampungi sadaya momotaning gesang.”
Sumber Tulisan : gkjw.web.id
Sumber gambar : kuasadoa.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar