Selasa, 10 April 2012

Noleh Dhateng Sesami


Waosan      : Yokanan 20:11-18
Pamuji       : KPK. 137

Nats              : “Maryam banjur minger sarta munjuk ing basa Ibrani “Rabuni” Jarwane “Guru”…(ay 16)
Tembung “mengo utawi noleh” ing ayat 16, saking tembung Yunani “strepho” minangka tembung ingkang wigati wonten Kitab Suci. Sepisan, nedahaken obahing raga. Kalih, ugi nedahaken obahing gesang. Wonten ewah-ewahan ingkang cetha ing salebeting dimensi (peranganing) gesang. Maria mengo sejatosipun ugi nedahaken anggenipun magertos kanthi sanget ing gesangipun. Ing 1 Tesalonika 1:9 nedahaken teges ingkang sanget saking “strepho” menika, “sabab wong-wong iku dhewe kang wis padha nyritaake bab aku sakanca, kepriye anggonmu padha ngrengkuh aku kabeh, sarta anggonmu padha ninggal (strepho) brahala-brahala banjur mratobat marang Allah tuwin leladi marang panjenengane kang gesang lan sejati. Mengo utawi noleh boten ateges namung geser utawi menggok. Ananging malih 180 derajat. Sawijining lampah “U Turn” (putar balik) sawijinging “Transformasi” (perubahan) gesang. Punika PASKAH.
Para sedherek, Paskah ateges bilih Gusti Allah noleh lan mirsani panjenengan sacara pribadi kagem jagad punika. Gusti ngarsakaken lan kangen kita noleh, krana Gusti sampun ndangu kita, sampun noleh dhateng kita. Menapa ingkang saged kita toleh kangge mangsuli pawartos PASKAH? Noleh krana sedhih lan kuciwa utawi noleh krana karosan lan suka bingahing manah? Swawi kita tepangi Gusti Yesus ingkang wungu punika. Boten prelu malih Gusti Yesus dipun salib kaping kalih, supados kita kedah ngalami kados dene Maria Magdalena. Gusti Yesus sampun seda lan wungu sepisan kangge selaminipun. Samangke wekdalipun kangge kita sumadya dipun purugi Gusti Yesus. Swawi kita mengo, noleh dhateng pangajeng-ajeng. Sumangga kita ndadosaken Kekristenan menika sanes agami ingkang egois. Sampun wekdalipun ugi mengo lan noleh dhateng sesami kita. Srana noleh dhateng sesamining titah, kita pinanggih kaliyan Sang Kristus ingkang sampun wungu. (Krispong)
“Mangga noleh lan aweweh; lamun aweweh mesthi tinoleh dening Gusti”
Sumber Tulisan : gkjw.web.id
Sumber gambar : 3.bp.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar