Kamis, 12 April 2012

Dipadha Pinter Golek Sarana Warta


Waosan: Lelakone Para Rasul 3: 11 – 12
Pamuji : KPK 194

Nats: …., margi saking panguwaos lan kamursidan kula piyambak? (ayat: 12)
Sampun limrah menawi wonten lelampahan (peristiwa) ingkang ngedab-edabi andadosaken manungsa sami gumun. Wosipun ingkang dados actor (paraga) ing salebeting lelampahan dipun puja-puja, dipun subya-subya, dipun alembana, dipun tutaken dhateng pundia kemawon lampahipun, lan menawi saged dipun dadosaken panutan dening tiyang kathah.
Makaten ugi tumrap lelampahan ingkang dipun alami dening Rasul Petrus lan Rasul Yokanan nalika nyarasaken tiyang lumpuh ing Gapura Endah ing Padaleman Suci. Sadaya tiyang ingkang mirsani tamtu sami bingah sinarengan raos kepingin mangertos dumadosing lelampahan punika. Temahan kathah tiyang ingkang sami makempal sareng-sareng nyelaki sumbering lelampahan kang ngedab-edabi punika.
Lelampahan ngeram-eramaken ingkang sipat-sipatipun “searti” (memper) kaliyan lelampahaning rasul kekalih punika wau tamtunipun asring kelampahan ing gesang kita. Inggih punika lelampahan ingkang karana kwasaning Gusti Yesus nalika maringaken mukjijat utawi pitulungan ingkang andadosaken kita lan tiyang sanes sami gumun ing manah. Menawi ngiblat saking waosan pengalaman ingkang makaten sampun ngantos ndadosaken kita punika lena lan gumunggung saha rumaos hebat. Nanging lelampahan punika kedah saged kadadosaken kesempatan martosaken warta Kraton Swarga dhateng tiyang kathah. Awit boten sanes, bab ingkang ngedab-edabi ing gesang kita namung karana pakaryanipun Allah ingkang tansah manjing wonten ing gesanging para pitados. Amin.[GaSa]
“Kabeh lakon bisa dadi nggon pawarta Injiling Hyang Manon”
Sumber Tulisan : gkjw.web.id
Sumber gambar : 4.bp.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar