Senin, 16 April 2012

Gesang Enggal


Waosan               : Yohanes 3:1-8
Pamuji                  : KPK. 294

Nats: “…menawa wong ora kalairake saka banyu lan Roh, iku ora bisa lumebu ing Kratoning Allah.”(ay 5)
Nikodemus menika salah sawijining tiyang Farisi ingkang saleh lan sanget anggenipun memuji kados pundi Gusti Yesus sampun makarya ing donya menika. Lajeng pirembagan ingkang wigati antawis Gusti Yesus kaliyan Nokodemus antawisipun: “…menawa wong ora kalairake saka banyu lan Roh, iku ora bisa lumebu ing Kratoning Allah.” Lajeng kados pundi tegesipun saking pirembagan kalawau? Tegesipun nggih punika bilih tiyang saged lumebet ing Kratoni Allah lamun dipun resiki saestu, karana Kratoning Allah punika swasana (“papan”) ingkang sarwi resik. Ingkang saged ngresiki gesanging manusa inggih namun pangwaosing Gusti Allah piyambak ingkang mengkoni kraton punika, manusa boten kwagang. Samangke menapa piwucal iman ingkang saged kita tangkep.
Piwucal ingkang saged kita raosaken antawisipun bilih sedaya pandherekipun Gusti Yesus dados manungsa enggal srana baptis, temahan saged lumebet ing kraton swarga. Iman menika perlu dipun raosaken lan dipun pratandhani srana baptis. Srana baptis, tiyang pitados dados titah enggal lan dados pepadhang tumrap gesang sakiwa tengenipun.
Kapitadosan dhumateng Gusti boten ateges pracaya ingkang sipatipun dipun batin kemawon, nanging ugi klebet pangaken, paseksi, lan pawartos ingkang tinarbuka, terus terang tumrap sesamining titah. Dados manungsa enggal dipun karsaaken tansah kaenggalna gesangipun saben wayah, krana tanpa ngenggalaken manah, kita boten saged dados beda kaliyan kahananing donya ingkang kaereh ing dosa menika. Ngukuhi dados manungsa enggal boten ateges sokur keli kemawon, ananging mbetahakenproses ingkang boten nate pedhot. (Krispong)
“Manusa ngresiki awak nganggo sabun,
Gusti Allah ngresiki ati nganggo Roh Suci,
Gusti Yesus ngresiki laku nganggo katresnan.”
Sumber  : gkjw.web.id dan kuasadoa.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar