Selasa, 10 Juli 2012

Duraka


Waosan: Hosea 8 : 4 – 7, 11 – 13.
Pamuji : KPK  137 : 1, 2

Nats: “Sanadyan Sunseratake piwulangingSun pirang-pirang, nanging iku padha dianggep prakara kang kanggo wong manca” (ay. 12)
Cariyos rakyat Malin Kundang tamtu sampun boten asing malih kangge kita. Cariyos punika nyarioskaken Malin Kundang ingkang boten ngakeni ibunipun nalika sampun dados tiyang sugih, tiyang ingkang nggadhahi drajat inggil. Karana punika ibunipun nyedakaken (mengutuk) Malin Kundang dados reca. Cariyos punika nggadahi makna sampun ngantos kita punika tumindak duraka dhateng tiyang sepuh.
Nabi Hosea nalika semanten ugi ngengetaken bangsa Israel supados boten tumindak duraka dhateng Gusti Allah. Nyatanipun senadyan Nabi Hosea sampun ngengetaken, bangsa Israel tetep boten setya dhateng Gusti. Bangsa Israel tetep tumindak dosa ing ngarsanipun Gusti Allah. Bangsa Israel boten ngabekti dhateng Gusti nanging dhateng brahala. Pramila saking ngriku Gusti Allah ngukum bangsa Israel. Senadyan bangsa Israel nenanem, nanging boten badhe nuwuhaken woh. Umpamia  ngedalaken woh, boten badhe ngraosaken woh panenipun karana dipun telasaken bangsa sanes.
Ndherek Gusti kedahipun kita dhasari kanthi manah ingkang kebak ing katresnan lan kasetyan dhateng Panjenenganipun. Manawi wonten reribet  lan pakewed, punika ndadosaken kita sangsaya rumaket lan celak dhateng Gusti Allah. Kita tetep pitados bilih Gusti paring kakiyatan lan pangluwaran dhateng kita. Mekaten ugi yen kita pinaringan berkah ingkang luber, kapinteran, kasugihan, kita kedah saos sokur lan boten angsal gumunggung utawi sombong. Kita nyadhari bilih sedaya punika sanes karana kakiyatan kita piyambak nanging sedaya berkah ingkang kita tampi punika wujud sih rahmat lan peparingipun Gusti Allah. Sampun ngantos kita nilaraken Gusti karana Gusti Allah tansah nresnani lan setya dhateng kita. Mangga kita njagi gesang kita sarana nggatosaken lan nindakaken pangandikanipun Gusti sarta boten tumindak duraka. (AR)
“Dados panderekipun Gusti Yesus ateges nebihi sedaya tumindak-tumindak duraka”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar