Minggu, 22 Juli 2012

Lowongan Kerja


Waosan: Yeremia 23: 1 – 6.
Pamuji: KPK 61

Nats: “Ingsun bakal milih pangon-pangon kang bakal ngengon wedhus-wedhus iku ….” (ay 4)
Sedaya tiyang mbetahaken padamelan. Padamelan ingkang dipun pikajengaken inggih menika ingkangformal, ingkang wekdalipun tartamtu, wonten kantor, gajinipun tetep. Lajeng manawi wonten tiyang ingkang dereng nyambut damel kanthi tata makaten asring nganggep dhirinipun boten nggadhahi padamelan. Ukara ingkang dipun remeni tiyang kados makaten punika “Lowongan Kerja”
Menawi wonten lowongan padamelan tamtu kathah tiyang ingkang sami mbudidaya nglamar padamelan menika. Tamtunipun yen wonten instansi mbikak lowongan padamelan, mesthinipun boten karana dereng wonten pegawainipun, nanging karana pancen pegawainipun kirang utawi pegawai ingkang wonten boten saged mrantasi padamelan ingkang wonten ing instansi menika.
Yen wonten lowongan pandamelan kathah ingkang sami nglamar padamelan. Kados pundi yen wonten lowongan paladosan ing pasamuwan? Menapa inggih sami nglamar?
Estunipun kados dene dhawuh pangandikanipun Gusti ing Yeremia menika, Gusti inggih saweg mbikak lowongan padamelan, inggih menika pados pangon. Lowongan pangon menika boten karana dereng wonten pangoning para mendanipun Gusti, nanging krana nalika samanten kathah pangon ingkang boten leres anggenipun ngengen mendanipun Gusti. Pramila Gusti mbikak lowongan pangon. Proseduripun boten sarana kita nglamar dados pangon, nanging srana Gusti piyambak ingkang miji kita dados pangon.
Wekdal sakmangke saweg utawi badhe wonten timbalanipun Gusti dados pangoning pasamuwan lantaran dauran penatua lan diakenning pasamuwan. Mekaten ugi secara pribadi kita menika katimbalan dados pangoning mendanipun Gusti lantaran tetep setya mujudaken patunggilan. Menapa kita sumadya nampi timbalanipun Gusti menika? Menapa kita sumadya dados pangon ingkang ngengen lan ngramut mendanipun Gusti supados boten wonten ingkang katriwal? Lah sumangga kita sami nggegilut pitakenan menika. (to2k)
“Timbalanipun Gusti dados pangon menika pancen sanes padamelan ingkang terhormat nanging padamelan mulya.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar