Waosan: Yesaya 10 : 5 – 7, 13 – 16
Tiyang ingkang kagungan watak wani, adatipun karana nggadhahi
andel-andel, aji-aji kawijayan utawi kadigdayan. Tiyang ingkang rumaos boten
gadhah kadigdayan utawi aji-aji gampil kraos ajrih ngadhepi punapa lan sintena
kemawon.
Nabi Yesaya wantun melehaken bangsa
Israel lan Asyur ingkang mursal. Ingkang dipun welehaken punika boten namung
satunggaling tiyang, utawi tiyang-tiyang, utawi tiyang kathah, nanging malah
bangsa, bangsa-bangsa. Bebayanipun piweleh punika tamtu saestu ageng sanget.
Kamangka nabi Yesaya bebasan boten kagungan punapa-punapa kagem ngadhepi bebaya
punika. Piweleh punika tetep dipun tindakaken nadyan penjenenganipun kedah
ngalami dipun tampik, dipun sengiti lan dipun usir. Nabi Yesaya “wani tanpa aji”. Nabi Yesaya
namung pitados lan ngugemi kaluhuran lan pangwasanipun Allah ingkang
ngedab-edabi.
Kita punika asring rumaos ajrih
melehaken (menegor) tiyang sanes ingkang lepat, ingkang cetha tumindak
piawon. Langkung-langkung yen ingkang prayoginipun kita welehaken punika boten
namung tiyang satunggal, tiyang ingkang langkung sepuh yuswanipun tinimbang
kita, langkung inggil kalenggahanipun. Saya malih yen ingkang kedah kita
welehaken punika satunggaling golonganing tiyang kathah, pamarintah, bangsa,
saya ajrih kita nindakaken piweleh punika. Tamtunipun ingkang kita ajrihi, yen
karana piweleh punika, kita lajeng dipun sengiti, dipun pekak hak-hak kita, dipun kuya-kuya, dipun usir
saking papan padunungan kita; “mengko malah rugi dhewe”.
Kita pribadi lan patunggilaning
greja, minangka nabinipun Gusti, kedah wantun melehaken ingkang pinanggih
lepat, ingkang mblasar tumindakipun, boten perduli sintena kemawon punika.
Langkung-langkung selaku tiyang Jawi, kita kedahipun wani nadyan tanpa aji, nadyan boten gadhah
kadigdayan kanuragan. Nanging kita sampun pinaringan kadigdayan srana pakaryaning
Sang Roh Suci. Kita boten prelu ajrih, jer Gusti kang maluhur piyambak ingkang
nanggel gesang kita, ingkang ngreksa lan ngrimati gesang kita. Ewasamanten,
kita kedah melehaken kanthi alus lan urmat, klayan katresnan lan andhap asor,
boten grusa-grusu. Srana makaten kita saged nyuda bebayaning piweleh punika.
Amin. [ST]
“Wong kang wani njejegake bebener
tansah rineksa ing sihe Gusti”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar