Minggu, 01 Juli 2012

Kawicaksanan


Waosan: Wulang Bebasan (Amsal) 2: 6-16.
Pamuji: KPK 297: 2.
Nats: “…kawicaksanan bakal lumebu ing atimu sarta kawruh bakal nyenengake nyawamu” (ay. 10)
Wonten tiyang ingkang pinter nanging boten wicaksana. Lho, punapa wonten bentenipun ing antawisipun kapinteran utawi kawruh lan kawicaksanan? Wonten. Tiyang ingkang pinter utawi kathah kawruhipun punika tiyang ingkang mangertos kathah prakawis, ugi mangertos bab kayekten (kabeneran), kaadilan lan kajujuran. Tiyang punika wawasanipun jembar. Tiyang ingkang wicaksana inggih punika tiyang ingkang saged mranata pigesangan kanthi sae, dadosa gesangipun piyambak lan ugi gesangipun tiyang kathah. Tiyang ingkang wicaksana saged nindakaken patrap ingkang langkung prayogi, sanadyan boten kathah pangertosanipun ing bab kawruh.
Boten sakedhik tiyang ingkang kawruhipun kathah sanget lan wawasanipun jembar nanging boten saged nindakaken patrap ingkang prayogi lan utami kagem dhirinipun piyambak lan kagem tiyang sanes. “Pinter ngomong, tur omongane ya apik, ning ora bisa nindakake sing becik.” Temah, nadyan pinter, gesangipun tiyang makaten punika boten “karu-karuwan”, boten tumata kanthi sae.
Saben tiyang mbetahaken kawicaksanan, boten namung kawruh. Karana saben tiyang kedah lan mesthi mranata gesangipun piyambak, kedah nindakaken patrap ingkang prayogi lan utami. Langkung-langkung tiyang ingkang dados pemimpin, ingkang mimpin tiyang sanes, tiyang sakedhik utawi kathah. Kawiwitan dados tiyang sepuh ing tengahing bebrayatan. Tiyang punika mutlak mbetahaken kawicaksanan.
Kita perlu sinau kawicaksanan srana menggalih lan latihan nindakaken patrap ingkang prayogi lan utami, maos buku-buku, sarta nyuwun dhumateng Gusti Sang Etuking kawicaksanan. Kawicaksanan kacetha ing tumindak, sanes ing pitembungan lan pangangen-angen. Pramila, kawicaksanan mbetahaken praktek; kedah latihan; mbetahaken proses utawi wekdal ingkang dangu. Pramila kedah latihan nindakaken patrap ingkang prayogi lan utami wiwit alit mila. Pramila kita kedah mulangaken praktek punika dhateng anak / putu kita. [ST]
“Yen kepingin bisa mrantasi masalah kudu sinau wicaksana”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar