Sabtu, 30 Juni 2012

Pandonga Kangge Sesami


Waosan : Matius 8 : 5  17
Pamuji :  KPK  138 : 1, 2
Nats: “Satemene pituturKu marang kowe : Pangandel kang samene gedhene iki aku durung tau tumon ana ing satengahing bangsa Israel.” (Ayat. 10)
Dodos tiyang sepuh, kita nggadahi tanggel jawab ngrimati, gulawentah lan paring patuladhan ingkang sae dateng anak kita. Wujud anggen kita ngrimati anak, nalika anak kita sakit temtu kita badhe ngupaya kangge kasarasanipun anak punika. Kita beto dateng dokter, kita padosaken obat supados anak punika enggal sehat. Sedaya kalawau kita tindakaken karana kita saestu nresnani dateng anak punika. Kita tansah dedonga dateng Gusti kangge kawontenan gesang anak kita punika. Gesang kita boten namung kangge mikir bab kabetahan kita piyambak ananging ugi sesami kita.
Waosan kita wekdal menika nyarioskaen upaya opsir Kapernaum ingkang sowan dateng Gusti Yesus nuwunaken kasarasan kangge abdinipun ingkang sakit lumpuh. Opsi punika pitados bilih lumantar pangandikanipun Gusti Yesus kemawon abdinipun saged saras saking sakitipun. Saking panyuwun lan pangandel opsir punika, Gusti Yesus muji iman pitados opsir punika. Opsir punika saged dados tuladha kangge kita. Piyambakipun nindakaken gesang ingkang migunani kangge sesaminipun. Boten namung kepentinganipun piyambak ingkang dipunpikiraken, nanging ugi kapentingan lan kabetahan abdinipun
Ing antawis kita katah sesami ingkang nandang sakit, reribeting gesang, kakirangan lsp. Punapa kita purun kados opsir punika?  Lumantar pandonga, kita dipunajak dedonga kangge sesami kita ingkang sami nandang sakit, reribeting gesang, kekirangan lsp. Kita nyenyuwun dateng Gusti Yesus supados kersa makarya paring pitulungan, kasarasan lan kekiyatan kangge sesami kita punika. Boten kandek ing pandonga kemawon, kita ugi purun nuweni saderek kita punika. Kita puruna bantu punapa ingkang dados kabetahan saderek kita punika. Karana bilih kita taksih dipunparingi kakiyatan, kasarasan punika wujud sih rahmatipun Gusti dateng kita.(AR)

Pandonga kita dateng sesami wujud patunggilan kita dateng sesami

Tidak ada komentar:

Posting Komentar