Jumat, 22 Juni 2012

Bandha Atiku


Waosan : Matius 6 : 19 – 23
Pamuji  KPK 163: 1, 2, 3
Nats: “Amarga ing ngendi duninge bandhamu, Iya ana ing kono dununge atimu” (Ayat. 21)
Bandha mesthi dipunupados dening sadhengah manungsa ingkang gesang ing alam donya punika. Kita boten nampik menawi bandha punika pirantos kangge nyekapi kabetahaning gesang lan nggayuh punapa ingkang dados cita-cita lan pangajeng-ajeng. Waosan kita ing dinten punika kados-kados menggak kita supados mboten ngempalaken bandha ing donya karana kawontenanipun boten langgeng, saged risak lan dados sumbering dosa (irining liyan). Ananging sami ngudiya bandha ingkang langgeng lan boten dadosaken irining liyan. Pitedah punika boten lajeng dadosaken para pandherekipun mboten dipunparingaken ngudi bandha ing donya.
Pitedah punika dipunaturaken dening Gusti Yesus, karana wontening pergeseran pemahaman bab bandha. Bandha ingkang sejatosipun pirantos gesang, malah sak punika dados tujuan gesang. Lajeng ingkang kedadosan inggih punika manungsa ngudi sak kiyat-kiyatipun,  lan sak kathah-kathahipun, nguja hawa nepsu, malah nyikut kiwa tengen. Menawi sampun kados mekaten, bandha ingkang sejatosipun pirantos, malah dados ilah ing lampah gesangipun.
Greja sepi, persekutuan pemuda komplang, kebaktian anak saged diitung  driji, aras-arasen tindak patuwen brayat. Pancen punika dereng  saged dipun dadosaken patokan menawi sampun wonten pergeseran prioritas gesang. Ananging perlu dados kaprihatosan lan kawigatosan kita sami. Pitakenan wigati tumrap kita sedaya, wonten pundi condhonging manah kita sak punika? Punapa wonten ing pedamelan ingkang mboten wonten telasipun,  hiburan  ing media elektronik ingkang kathah ragamipun, utawi aktifitas lintunipun sampun ndadosaken kita supe dhumateng kewajiban kita minangka umatipun Gusti, ingkang kedah tresna dhumateng Gusti Allah lan sesami. [PKS]
Kompas rusak ora nuntun marang panggonan kang sak mesthine


Tidak ada komentar:

Posting Komentar