Waosan : Markus 14: 12-16
Pamuji KPK 168
Nats: “Karone banjur padha mangkat…” (16)
Yen kita kadhawuhan nyawisaken papan kagem Bupati utawi Walikota utawi Gubernur tamtu kita badhe nindakaken dhawuh punika kanthi temen-temen lan bingah. Awit kita rumaos bilih punapa ingkang tindakaken punika kagem priyantun luhur. Punapa malih yen punika katindakaken ing satunggaling pahargyan hari adi.
Nalika badhe nyawisaken papan kagem mahargya Paskah para sakabat dipun paring dhawuh pitedah dening Gusti Yesus. Sareng sampun mangertos kanthi cetha bab dhawuhipun Gusti, sakabat kekalih tumunten bidhal. Sakabat kekalih punika katingal tanpa mangu-mangu lan kanthi bingah nindakaken dhawuhipun Gusti, nyawisaken papan pahargyan Paskah. Punika katindakaken kanthi bingah awit punika kagem Gusti Yesus lan para sakabatipun.
Kadhang kala anggen kita nindakaken dhawuhipun Gusti boten kanthi bingah, nanging kanthi raos “aras-arasen”. Kenging punapa makaten? Bokmanawi karana kita boten ngraosaken bilih punika kagem Gusti Yesus piyambak. Utawi bokmanawi kita etang-etang punapa pedahipun. Bokmanawi manah kita ngedumel lan mungel “heleh…, mung kanggo wong kuwi wae kok…”.
Sawanci-wanci kita nindakaken sadhengah prakawis sejatosipun punika ugi kagem Gusti Yesus piyambak. Supados kita saged nindakaken sadayanipun kanthi bingah, sumangga dipun sadhari bilih punika kagem Gusti kita Yesus Kristus ingkang maha luhur. Sejatosipun punapaa kemawon ingkang kita lampahi, punika kagema kaluhuranipun Gusti piyambak. Yen kita saged ngraosaken lan ngrumaosi bilih ingkang kita tindakaken punika kagem Gusti Yesus, tamtu kita badhe rumaos mongkok lan bingah, tamtu kita badhe nindakaken kanthi temen-temen lan sasae-saenipun. Gusti Yesus ugi mesthi rumaos bingah yen kita nindakaken sadhengah prakawis kanthi bingah lan temen-temen. [ST]
“Tumindak kanthi bingah mesthi nuwuhaken kabingahan kagem Gusti, tiyang sanes lan dhiri pribadi.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar