Rabu, 06 Juni 2012

Ora Isa Mlumpat


Waosan : Markus 12: 18-27
Pujian: KPK 178: 1, 3
Nats: “Panjenengane iku dudu Allahe wong mati, nanging Allahe wong urip” (Ayat 27)

Bab gesang sak sampunipun pejah ing alam donya punika pancen sanes bab ingkang gampil dipunmangertosi. Ananging Gusti Yesus sampun paring sumerep dhumateng manungsa kados pundi gesang sak sampunipun pejah ing alam donya punika. Pitakenan ingkang dipunaturaken ngrembag bab patangen tumrap gesang sesemahan. Sejaosipun punika pirantos kangge golongan Saduki anggenipun nentang piwucalipun Gusti Yesus. Pemanggihipun inggih mboten wonten  patangen sak sampunipun pejah raga ing alam donya punika.
Gusti Yesus paring jawab kanthi gamblang, bilih pemanggih punika keblinger. Patangen punika wonten wujud kasampuraning kawilujengan ingkang sejatos. Wontenipun patangen ngemu artos bilih wonten gesang langgeng. Ayat 27, cetha nyebataken bilih Gusti Allah punika Gustine wong urip sanes Gustine tiyang pejah. Yesus piyambak ugi kedah ngalami pejah lan wungu malih supados ngrasuk gesang langgeng. Pancen wonten tatanan enggal ing gesang sak sampunipun patangen.
Saking piwucalipun Gusti Yesus, ndadosaken umatipun mboten kuwatos bab gesang sak sampunipun pejah. Malah-malah gesang ingkang kebak karahayon sesarengan kaliyan Gusti Yesus. Ananging ingkang kedah mboten dipunlerwaaken, inggih lompatan ageng gesang langgeng punika ugi kedah langkung rumiyin nglampahi fase gesang ing alam donya.
Kados pundi kita gesang sak punika inggih kunci kasampuraning gesang langgeng ingkang badhe kita tampeni samangke. Karana sinten ingkang ngedalaken woh sae, punika ingkang samangke nampeni kasampurnaning gesang langgeng. Sumangga sesarengan kita wujudaken gesang sae miturut bagian lan peran kita piyambak-piyambak ing lampah pigesangan kita. [PKS]
“Tumuju dhateng kelanggengan mboten saged mlumpat”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar