Senin, 18 Juni 2012

Katresnan Sampurna


Waosan  : Mateus 5: 38-42
Pamuji : KPK 174
Nats: “Kowe aja nglawan marang wong kang gawe piala marang kowe” (39a)
Wonten reraosan ing antawisipun para tiyang Kristen ingkang makaten: Dados tiyang Kristen punika pranyata boten gampil, malah kapara angel. Awit kedah nresnani mungsuh, kedah ndongakaken tiyang ingkang sengit dhateng kita, nandukaken kasaenan dhateng tiyang ingkang boten sae dhateng kita, lsp. Pancen sacara kamanungsan bab punika saestu ewet saged kalampahan, boten gampil. Yen boten gampil lajeng punapa ateges MOKAL? Boten!
Sanadyan kita punika ringkih saha kebak kakirangan, nanging Gusti ingkang badhe nyekapi lan nyampurnakaken kita manawi kita nyuwun dhateng Panjenenganipun, temah kita saged nindakaken karsanipun.
Mangga kita gatosaken dhawuhipun Gusti punika:
1.    Dados tiyang Kristen kedah kita lampahi srana boten mbenten mbentenaken tiyang sae utawi tiyang kang boten sae; kados dene  Gusti maringi jawah dadosa dhateng tiyang sae lan tiyang boten sae.
2.    Dados tiyang Kristen kedah benten kaliyan tiyang sanes. Kita tinimbalan nresnani sadaya titahipun Gusti.
3.    Dados tiyang Kristen manawi damel sae kedah boten mawi etang-etang punapa tiyang punika ugi damel sae dhateng kita.
4.    Dados tiyang Kristen kedah ambek welasan dhateng sadaya tiyang, nadyan boten tunggil golongan kaliyan kita.
Gusti sampun nandukaken sadaya kasaenan kalayan sampurna. Gusti ingkang sampurna, kita ugi tinimbalan dados sampurna. Lho, punapa saged? Ingkang baken kasampurnan punika kedah dados pancasan (dhasar lan tujuan) kita. saged utawi boten saged, kita namung kedah mbudidaya sakatoging kakiyatan kita.  [DW]
“Kita badhe saged nresnani sintena kemawon, yen kita namung nyawang tiyangipun, sanes watak lan patrapipun”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar