Sabtu, 02 Juni 2012

Gusti Ingkang Kagungan Panguwasa


Waosan: Markus 11: 27-33

Nalika Gusti Yesus rawuh ing Yerusalem para Imam lan ahli Kitab sami ngunjukaken pitakenan: “Mawi pangwaos punapa anggen Panjenengan nindahaken pandamel-pandamel punika? Tuwin sinten ingkang maringi pangwaos kangge nidhakaken pandamel-pandamel wau?” Para Imam lan ahli Kitab kepingin sumerep jalaran pandamel-pandamel ingkang katindakaken dening Gusti Yesus kala wau kebak kaelokan.
Sejatosipun Gusti Yesus boten mbetahaken surat tugas saking sintena kemawon anggening makarya. Awit ingkang katidakaken punika sanes manut rancanganipun manungsa nanging manut rancanganipun lan karsanipun Allah piyambak. Sarehning para Imam gadahi kewajiban njagi kapitadosan ingkang leres, mila inggih sampun sakmesthinipun yen sami nyuwun pirsa dhateng Gusti Yesus piyambak. Boten namung punika kemawon. Para Imam lan ahli Kitab sami nitiptiksa punapa Yesus punika ugi klebet salah setunggaling nabi punapa sanes. Nanging para Imam lan ahli Kitab kala wau pancen saestu kepingin sumerep bab Gusti Yesus? Punapa piyambakipun saestu siaga nampeni lan pitados dhateng Gusti Yesus? Sajakipun para Imam lan ahli Kitab punika namung menggalih dhirinipun piyambak awit rumaos yen Gusti Yesus lan pakaryanipun punika sampun dados ancaman tumrap kalenggahanipun minangka Imam lan ahli Kitab. Para Imam lan ahli Kitab kuwatos yen mangkenipun bangsa Yahudi boten pitados malih dhateng piyambakipun. Awit nyatanipun sangsaya dangu sangsaya kathah tiyang ingkang sami ngetut wingking Gusti.
Kawontenan ingkang kados makaten kala wau taksih wonten ngantos ing wekdal samangke. Satengahing kawontenan ingkang sarwa boten tumata, menawi wonten tiyang wonten nandhukaken pandamel ingkang sae lan leres lsp. Malah dipun sengiti utawi malah dipun curigai lan ugi boten dipun ajeni. Amin. (DP)
Gusti, mugi Paduka tansah paring kekiyatan. Amin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar