Minggu, 24 Juni 2012

Aja Padha Wedi


Waosan: Markus 4: 35-40
Gusti Yesus anggening mulang para murid boten namung mawi tetembungan kemawon, nanging ugi paring tuladha. Dene isining piwulangipun Gusti umumipun bab kapitadosan utawi iman. Lan Panjenenganipun ngetrapaken piwulangipun kala wau salebeting gesang padintenan.
Waosan dinten punika nyariosaken bab dayaning iman tumrap gesangipun para pitados. Nalika prau ingkang dipun tumpaki para murid katerak angin prahara ing tlaga Galilea, para murid sami ajrih lan kwatos. Manahipun sami miris. Saged ugi para murid sami mangke sareng ningali yen Gusti Yesus sajak sekeca anggening sare ing buritaning prau. Wonten salah setunggaling murid ingkang nekad mungokaken Gusti, :”Guru, punapa Panjenengan boten mreduli bilih kawula sami katiwasan?” (ay. 38).
Kados pundi wangsulanipun Gusti sareng sampun wungu? “Yogene kowe padha wedi? Apa kowe padha ora pracaya?” (ay. 40). Menawi para murid nalika semanten sami ajrih punika sampun limrah. Nanging anggening mungokaken Gusti boten karana pitados yen Gusti kagungan pangwasa nyirep prahara kala wau. Para murid sami mungoaken Gusti jalaran sumaosipun yen Gusti Yesus nalika semanten sampun boten preduli malih dhateng kawontenan. Kados-kados Gusti Yesus sampun kesupen dhateng para murid.
Gusti Yesus ndukani prahara lan sanalika praharanipun sirep. Ing mriki Gusti Yesus kersa mulang para murid, supados samia tansah pitados dhateng Panjenenganipun. Makaten ugi tumrap lampahing gesang kita ing saben dintenipun. Saged ugi baitaning gesang kita katempun ing prahara ageng. Ingeta, bilih Gusti Yesus boten sare lan Gusti tansah paring pitulungan temah praharaning gesang kita saged lerem. Amin. (DP)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar