Waosan
: Lukas 2: 41-51
Pamuji : KPK 196: 1, 2
Nats: “…nyathet prakara iku kabeh ana sajroning atine” (ayat 51)
Yen kita namung mirengaken kemawon, kakiyatan kita namung watawis 50 persen saged ngengeti piwulang ingkang kita tampeni. Yen enggal-enggal kita cathet saged watawis 70 persen. Yen sanalika dipun lampahi saged ngantos 90 persen. Ingkang dados prakawis nggih punika kita sok aras-arasen nyathet lan boten enggal dipun lampahi.

Kaserat ing inggil bilih
Ibu Maryam “nyathet prakara iku mau kabeh”. Ibu Maryam remen nyathet pangandika
lan kabar wigatos. Ibu Maryam nyathet cariosipun para pangen bab pawartosipun
malaekat bab wiyosipun Gusti Yesus. Pangandikanipun Gusti Yesus kacathet ing
lebeting manahipun. Tegesipun dipun raos-raosaken ing manahipun lan tansah
dipun enget-enget sauruting lelampahan gesangipun. Awit saking punika nalika
Gusti Yesus sinalib, wungu lan nilaraken jagad, Ibu Maryam boten katingal
sisah, bingung lan gempung sanget. Kosokwangsulipun kaliyan para pendherekipun
Gusti. Sadaya sami sisah, gempung lan ajrih sanget, boten enget
dhawuh-dhawuhipun Gusti Yesus. Lajeng nilar Gusti Yesus siniksa.
Boten sekedhik warganing
pasamuwan ingkang namung remen mirengaken pangandika lan kotbah ingkang sae,
lan cetha mangertos, nanging boten dipun cathet ing salebeting manah. Pramila
samangsa ngadhepi panggodha lajeng gampil sanget dhawah ing dosa, nilar greja,
malah nilar Gusti Yesus. Karana boten enget lan boten ngugemi dhawuhipun Gusti.
Kados pundi kedahipun nyathet
ing manah? Kedahipun dhawuhipun Gusti ingkang kita waos lan pirengaken, saestu
kita raos-raosaken ing manah, dirasakne tenan, kita galih temen-temen. Temah
ing batos kita mungel “iya-ya, kudune aku ngono, ora ngene… Ya wis, aku arep ngono
ah…” Mangga, saben kita maos lan mirengaken pangandikanipun Gusti, kita
raos-raosaken lan galih saestu. Amin. [ST]
“Dhawuhe Gusti ora mung butuh dipirengake lan dimangerteni,
nanging kudu dirasakke tenan.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar