Waosan : 2 Petrus 1: 1-7
Pamuji : KPK 168
Pamuji : KPK 168
Minangka abdinipun
Gusti Yesus, Petrus rumaos bilih saderengipun piyambakipun nilar raganipun,
piyambakipun rumaos gadhah kuwajiban ngengetaken tiyang pitados ingkang nampi
lan maos seratanipun bab timbalanipun Gusti Rama dhumateng para pitados. Petrus
ugi nggadhahi pangangkah sasampunipun kesah, para umat pitados taksih
enget tumrap sedaya ingkang sampun kawucal lan kagulawenthah dening
Petrus. Krana Sang Rama sampun maringaken saliring prekawis ingkang piguna
tumrap pambangun turutipun para tiyang pitados dhumateng Gusti. Pramila, tiyang
pitados tetepa mbudidaya sarta nambahake kautaman marang pracaya lan kawruh
marang kautaman, tuwin pangerehing dhiri marang kawruh, katekunan marang
pangerehing dhiri, kamursdian marang katekunan, nresnani para sedulur marang
kamursidan, lan tresnamarang para sadulur kawuwuhan tresna marang wong kabeh
(ayat 6-7).
Sedaya kalawau
badhe ndadosaken tiyang pitados tansaya wekel lan kasil anggenipun tepang lan
wanuh dhumateng Gusti Yesus Kristus kanthi leres. Kaping kalih, Pambudidaya
gesang ing salajengipun inggih menika saestu ngapadi kanthi estu estu supados
timbalan lan sih rahmatipun Rama sangsaya jejeg lan santosa ing gesang kita.
Asilipun inggih sih rahmat ingkang sawetahipun kita pantes ndherek ing
salebeting timbalan Kraton Swarga, Kratoning Tentrem Rahayu ingkang langgeng
peparingipun Gusti. Iba adinipun berkah ingkang kamot ing salebeting
timbalanipun Gusti menika. (KrisPong)
“Ora Ana Wong
Mbagun Omah Kareben Rubuh,Gusti uga nimbali kita ora supaya rubuh, murih dadi
Jejeg lan Santosa Katresnane Tumrap kita”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar