Minggu, 08 Juli 2012

Rawuhipun Gusti


Waosan: Markus 6 : 1 – 6.
Pamuji: KPK  218 : 1, 2

Nats: “Panjenengane ngungun ngraosake anggone wong-wong mau ora padha pracaya…” (ay. 6)
Ing satunggaling dinten Bapak Presiden badhe rawuh dhateng dhaerah. Saderengipun Bapak Presiden punika rawuh, tamtunipun para pejabat andhapipun kados Gubenur, Bupati  punika sami nyawisaken sedaya ubarampenipun kangge mahargya rawuhipun Bapak Presiden. Boten namung Gubenur lan Bupati kemawon ingkang sibuk, nanging ugi sedaya warga masyarakat sami cecawis. Sadaya dipun cawisaken kanthi sampurna, wiwit saking keamanan, lalu lintas, papan kangge pepanggihan, dhaharan ingkang badhe kasegahaken, lsp. Nalika Bapak Presiden sampun rawuh, sedaya tiyang sami asung urmat pambagya dhateng panjenenganipun.
Bab punika benten kaliyan punapa ingkang dipun alami dening Gusti Yesus. Nalika Gusti Yesus tindak dhateng Nasaret, kondur dhateng wilayahipun piyambak, Gusti Yesus katampik dening para tiyang Nasaret. Tiyang Nasaret sami boten ngakeni bab panguwaosipun Gusti Yesus. Ing pemanggihipun tiyang-tiyang punika, Gusti Yesus punika sami kemawon kados tiyang sanesipun, boten wonten istimewanipun. Pramila Gusti Yesus boten saged makarya kejawi namung nyarasaken sawatawis tiyang sakit. Lan sarampungipun, Gusti Yesus nglajengaken tindakipun dhateng papan sanesipun.
Pitakenan kangge kita: kados pundi raos pangraos kita nyawang dhateng Gusti Yesus? Punapa manah kita saestu ngraosaken bilih Gusti Yesus istimewa sanget tumraping gesang kita? Utawi, nggih pancen benten kaliyan sanesipun, nanging nggih dereng saged ngraosaken bilih Gusti Yesus punika istimewaaaaasanget? Yen kita sampun saged ngraosaken bilih Gusti Yesus punika istimewaaaa sanget, manah kita mesthi tansah bingah lan ayem, lan tansah kepingin mahargya rawuhipun kanthi bingah, tuwin kita mesthi tansah kepingin pepanggihan kaliyan Panjenenganipun. Mangga, dipun raos-raosaken saestu! (AR)
“Sing sapa mahargya tedhake Gusti Yesus, uripe methi ayem ”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar