Sabtu, 14 Juli 2012

Timbalanipun Gusti


Waosan: Yesaya 6 : 1 – 8.
Pamuji: KPK 85.

Nats: “… mugi karsaa ngutus kawula!” 
Tiyang ingkang rumaos asor drajadipun, lajeng dipun ajeni dening priyantun luhur, mesthi badhe sagah nindakaken karsanipun priyantun punika.
Lah makaten ugi ingkang dipun alami dening nabi Yesaya. Swaunipun nabi Yesaya rumaos asor, nistha lan najis ing ngarsanipun Gusti. Nanging Gusti karsa nucekaken saranduning gesangipun, kawiwitan ing tutukipun. Kasucen punika dipun tindakaken dening Gusti piyambak, namung amargi sih kamirahanipun Gusti piyambak. Kasucen punika kanugrahanipun Gusti ingkang ageng ingkang kaparingaken lelahan (gratis).
Bakda kasucekaken lan ningali kaluhuranipun Gusti, nabi Yesaya atur wangsulan dhateng pandangunipun Gusti: “Sumangga, mugi karsaa ngutus kawula!” Nabi Yesaya sagah kautus dening Gusti nindakaken punapa ingkang dados karsanipun Gusti. Katingal kanthi bingah, tanpa wigih ringa-ringa utawi awrating manah, tanpa mangu-mangu anggenipun Nabi Yesaya nyagahi timbalanipun Gusti.
Kita sajatosipun ugi tiyang ingkang nistha lan najis yen boten pinaringan kanugrahanipun Gusti. Nanging nyatanipun kita sampun kaparingan kanugrahanipun Gusti kanthi lelahan ugi, boten karana kamursidan kita. Kita sampun kasucekaken saking jejembering dosa klayan rahipun Gusti Yesus. Malah kita sampun kapitulungan rahayu (kaslametaken saking pangwasaning dosa) awit saking pangurbanan nyawanipun Gusti Yesus. Tamtunipun kita ugi sampun ningali kaluhuranipun Gusti ingkang pinunjul.
Ingkang punika, mesthinipun kita ugi sagah netepi timbalanipun Gusti, nindakaken punapa ingkang dados karsanipun tumrap kita. Umpaminipun tinimbalan dados pendhita, utawi pinitua, diaken, utawi dados pengurus kelompok, komisi, utawi panitia punapaa kemawon ing greja kita. Yen rumaos awrat netepi timbalanipun Gusti, swawi kita enget dhateng kanugrahanipun Gusti ingkang lelahanan ingkang sampun kita tampeni. Sumangga kita tumenga ningali kaluhuranipun Gusti. Amin. [ST]
“Dhasar ingkang utami netepi timbalanipun Gusti namung kanugrahan lan kaluhuranipun Gusti piyambak”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar