Kamis, 28 November 2013

Aja Keplayu Saka Pacoban



Waosan : Yakobus 1 : 1 – 15
Pamuji : KPK 79 : 1
Nats : “Rahayu wong kang tanggon sajroné kena pacoban, jalaran menawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning urip, kang wis kaprasetyakaké déning Allah marang wong-wong kang padha tresna marang Panjenengané.” [ayat 12]

Wulan Mei 2013, pengumuman kelulusan kangge lare kelas nem SD, kelas sanga SMP, lan kelas kalih welas SMA ingkang bibar ujian. Sedaya lare sekolah wonten ing pundia kemawon menawi kepingin lulus utawi minggah kelas kedah nglampahi ujian lan ulangan semester. Boten wonten lare sekolah ingkang saged minggah kelas utawi lulus tanpa nglampahi ulangan utawi ujuian.
Lah makaten ugi kagem para pitados kagunganipun Gusti Allah. Para pitados kagunganipun Gusti boten badhe kagungan iman ingkang tangguh menapa malih sampurna menawi boten nglampahi ujian utawi pacoben wonten ing gesangipun. Wonten ing serat Yakobus 1: 12 inggih katedahaken mekaten ugi: ”Rahayu wong kang tanggon sajroné kena pacoban, jalaran menawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning urip, kang wis kaprasetyakaké déning Allah marang wong-wong kang padha tresna marang Panjenengané.” Kapitadosan kita dhumateng Gusti Yesus inggih badhe tanggon menawi gesang kita asring lan tatag ngadhepi pacoben. Supados kita mimpang kita kedah ngadhepi pacoben kanthi pitulunganipun Gusti Yesus. Lan ugi, kita kedah ngadhepi pacoben kedah sabar lan masrahaken sedayanipun dhateng panguwasanipun Gusti ingkang sampun nelukaken pacobenipun Iblis.
Rahayu tumrap kula lan panjenengan menawi saged ngadhepi pacoben wonten ing gesang kita kanthi sabar lan ugi pasrah sumarah dhateng Gusti. Menawi kita mimpang tamtu Gusti paring makutha kamulyan ingkang langgeng salaminipun datheng kula lan panjenengan. Tegesipun, kita badhe ngalami kabingahan ageng sanget. Sampun ngantos kita keplayu saking pacoben, amargi Gusti boten badhe nilaraken putranipun ingkang mbudidaya nelukaken pacoben. Gusti Allah Rama kita mesthi paring kekiyatan dhateng kita. Pramila den tatag (bertahanlah) ing salebeting pacoben! Sampun lumajeng nebihi pacoben. (DG)
Iman ingkang tangguh lan tanggon mesti kedah nglampahi pacuben ing salebeting gesang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar