Kamis, 14 November 2013

“Aku Bisa Ngatasi”

Waosan : Lukas 13 : 31 – 35
Pamuji :  KPK  60 : 1 – 5
Nats : “Binerkahana kang rawuh atas asmaning Pangeran” [ayat 35c]

Satunggaling pemuda GKJW pacaran kanthi sesidheman kaliyan pemudi ingkang mboten tunggil pitados. Pemuda kalawau mboten kepengin nyuwun nasehat tiyang sepuh, sadherekipun, lan Gusti Yesus. Sebab, pemanggihipun: Aku bisa ngatasi dhewe, mosok pacaran wae kudu ‘melibatkan’ Gusti Yesus? Masalah-masalah, wiwit ingkang entheng ngantos ingkang awrat, gilir gumantos kedadosan ing salebeting pacaranipun ngantos ing wusananipun piyambakipun rumaos mboten saged ngatasi piyambakan. Pemuda kalawau lajeng dumugi ing pamanggih: aku kudu nyuwun panganthine Gusti Yesus.
Sikap mekaten rak kalebet salah satungaling usaha nebihaken, nyingkiraken, lan nolak Panjenenganipun ingkang kagungan pangwaos tumraping gesang kita? Gesang kita rak gumantung dhumateng Panjenenganipun piyambak!
Saperangan tiyang Farisi masang ‘perangkap’ kangge Gusti Yesus kanthi usul supados Panjenenganipun sumingkir, kados-kados sami badhe atur pangreksa kagem Gusti Yesus. Estunipun sami kepengin nyandhet Panjenenganipun supados mboten nglajengaken lampah tumuju ing kitha Yerusalem lan mboten karana ajrih kaliyan Sang Prabu Herodhes. Ananging Gusti Yesus kagungan kapitadosan bilih gesang lan pakaryanipun punika mboten gumantung kaliyan tiyang Farisi utawi Herodhes, ananging karancang sarta dipun atur dening Gusti Allah piyambak.
Yerusalem kitha ageng, maneka warni bangsa mapan ing ngriku, dados punjering agami lan politik, sarta kathah tiyang Yahudi saking saindhenging jagad asring ziarah ing ngriku. Ewasemanten, Yerusalem nggadhahi sejarah nolak para nabi utusanipun Allah (I Para Raja 19:10; II Babad 24:19; Yeremia 2:30; 26:20-23), lan inggih badhe nolak Sang Mesih piyambak.

Mugi-mugi kita tansah remen lan setya celak sarta nunggil kaliyan Gusti Yesus. Mangga tansah mapanaken Gusti Yesus ing sadhengah prekawis ingkang kita alami lan lampahi. (Esha)
“Aja rumangsa bisa, ning bisaa rumangsa butuh Gusti!”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar