Senin, 04 November 2013

Katentremanku Mung Ana Ing Gusti

Waosan : 1 Petrus 1 : 1 – 12
Pamuji : KPK 86
Nats : “. . . supaya kita padha tampa
warisan kang ora bisa rusak, ora cacad sarta ora bisa alum, kang kasimpen ing swarga…”[ayat 4]
Pak Polan nampi serat saking Bank, ingkang isi bilih piyambakipun pikantuk hadiah sepeda motor. Bingah sanget manahipun. Amargi bingahipun, Pak Polan lunjak-lunjak kangge nglairaken iba bingahing manahipun. Nanging piyambakipun kesupen bilih panggenan ingkang ing ngriku piyambakipun lunjak-lunjak nembe kemawon dipun pel. Pak polan dhawah amargi kepleset, sukunipun kesleo.
Kosokwangsulipun, Bu Dadap sampun langkung saking kalih taun sakit. Saben dinten namung saged sarean ing papan patileman. Nanging Bu Dadap mboten nate kendel anggenipun rengeng-rengeng memuji Gusti. Kadosipun sedaya lagu ing Kidung Pasamuwan sampun apal. Menawi wonten ingkang nyuwun pirsa dhateng piyambakipun, “Mboten sayah, Bu?” “Yen sayah ya turu. Yen melek ya memuji Gusti”
Bingah amargi raket kaliyan Gusti nuwuhaken kabingahan tanpa kendhat, sanadyan badan sakit. Mekaten pengalamanipun Bu Dadap. Kosokwangsulipun bingah amargi raja brana namung nuwuhaken kabingahan sekedhap. Mekaten pengalamanipun Pak Polan.
Serat Petrus menika ngengetaken kita bab prasetyanipun Gusti ingkang badhe paring warisan tentrem rahayu wonten ing gesang kita (“. . . supaya kita padha tampa warisan kang ora bisa rusak, ora cacad sarta ora bisa alum, kang kasimpen ing swarga…”)
Bu Dadap ngugemi saestu pangandikanipun Gusti menika. Pramila, sanadyan piyambakipun nandang sakit lan mboten saged tindak pundi-pundi nanging manahipun tansah kalimputan kabingahan.
Kadospundi panjenengan? [smdyn]
“Ngugemi pangandikanipun Gusti nuwuhaken kabingahan saben wanci.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar