Jumat, 08 November 2013

Purun Sangsara ?


Waosan : 1 Petrus 3 : 13,  4 : 6
Pamuji : KPK  167 : 1, 3
Nats : “Jalaran luwih becik nandhang sangsara marga tumindak becik, …. katimbang nandhang sangsara marga tumindak ala.”[ayat 17]

Saben tiyang temtu gadhah pengajeng-ajeng saged gesang ingkang mulya. Boten wonten tiyang ingkang kepengin gesangipun nandhang sangsara kemawon. Pramila lajeng kathah tiyang ingkang kepengin nyambut damel ingkang entheng nanging gajinipun ageng. Nyatanipun gesang kedah dipun adhepi kanthi perjuangan lan kasangsaran kangge mujudaken gesang mulya. Boten namung remen ing kabingahan kemawon nanging ugi wantun ngadhepi eweding gesang.
Rasul Petrus anggenipun martosaken bab pakaryanipun Allah ugi ngalami kasangsaran. Mila piyambakipun ngengetaken pasamuwan-pasamuwan ingkang wonten tanah Pontus, Galati, Kapodhokia, Asia Cilik lan Bitinia supados kiyat lan sabar ngalami kasangsaran. Patuladhan saking Gusti Yesus saged dados dhasaring pangertosan kangge para umat. Gusti Yesus kersa nandhang sangsara, dipun aniaya, lan seda kangge para manungsa dosa. Salebeting gesangipun, Gusti Yesus boten nate tumindak piawon. Ewasamanten Panjenenganipun kersa ngalami sangsara lan seda karana tresnanipun dhateng manungsa. Pramila Rasul Petrus ngengetaken pasamuwan- pasamuwan ing Asia Cilik lan kita, “luwih becik nandhang sangsara marga tumindak becik, …. katimbang nandhang sangsara marga tumindak ala.”
Dhawuh pangandikanipun Gusti wekdal punika dados pepenget supados kita nindakaken kabecikan. Kita pitados nadyan wonten sangsara lan reribet ingkang kita sanggi, Gusti Allah boten nate nilar kita. Gusti Allah tansah nunggil gesang kita, maringi kakiyatan lan kasagedan dhateng kita. Pancen boten gampil dados panderekipun Gusti Yesus, kita kedah wantun nandhang sangsara. Nalika kita dipun sengidi, dipun fitnah, katindhes lan boten dipun ajeni tiyang sanes karana Gusti Yesus, mangga kita tampi punika kangge wujud pendewasaan iman kita dhateng Gusti. Kita pasrahaken sedaya lampahing gesang punika ing astanipun Gusti kanthi tetep ngaturaken panuwun sukur dhateng Gusti. Srana mekaten kita bakal nampi kamulyan saha kawilujengan ingkang langgeng saking Gusti Yesus. Amin. [AR]
“Sabar bakal subur, sangsara bakal mulya karana sihing Gusti”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar