Selasa, 26 November 2013

Tugas


Waosan : Lukas 17 : 7 – 10
Pamuji : KPK 174 : 1 – 3

Menawi wonten batur sampun ngrampungaken tugas/ pedamelanipun,  piyambakipun boten nggadhahi pangajeng-ajeng hak langkung saking samesthinipun ingkang dipun tampi.
Ing panggenan sanes Gusti Yesus mucal lan nuladhani para sekabatipun sikap ingkang benten saking padatan, inggih punika ngladosi para sekabat kados ingkang kalampahan ing Yokanan 13 : 1-16; Gusti Yesus ngwijiki sikile para sekabat.
Cetha bilih saking waosan punika Gusti Yesus mucal kersanipun Gusti Allah tumrap manungsa boten adhedhasar pranatan lan pedamelanipun manungsa. Nanging Gusti paring piwucal penting kangge saben tiyang ingkang bangga atas ‘pagaweaning pracaya’-nipun. Kados ingkang kacatet ing I Tes. 1: 3  ”Sabab aku tansah eling  marang pagaweaning pracayamu, pambudidayaning katresnanmu sarta kaantepane pangarep-arepmu marang Gusti kita Yesus Kristus ana ing ngarsane Gusti Allah Rama kita”.
Minangka batur/ abdinipun Gusti, kita manungsa punika ugi sampun samesthinipun dados kados piwucalipun Gusti punika. Punapa kemawon ingkang sampun kita lampahi sukses, sampun ngantos kita kogung lan sombong temah kita kumawantun muni ‘ajaa ana aku pagawean iku ora bisa klakon’.
Awit ing ngarsanipun Gusti pedamelan kita punika pancen peranganing gesang kita. Pangabdi kita mesthinipun kalampahan kados dene Gusti anggenipun ngwijiki sikilipun para sekabat. Panjenenganipun punika Gusti ingkang dipun sembah sedaya titah kersa tedhak ing bumi, ngladosi manungsa ingkang papa. Namung karana sih katresnanipun supados manungsa boten pejah ing sajroning dosa, nanging tinebus margi saking pakaryanipun.
Sampun samesthinipun kita saos sokur menawi kita dipun agem dening Gusti nglampahi pakaryanipun. Kita punika rencang damelipun Gusti. Nanging menawi kita saged sukses nglampahi pedamelan kita, kita boten perlu sombong. Tugas ingkang kita lampahi punika ugi dados kewajibaning rencang damelipun Gusti. Kita angsal bangga namung awit Gusti kersa ngagem kita nglampahi tugas punika. Amin. [BPur]
“Nyambutgawe iku wajibku, ganjarane bungahku”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar