Senin, 18 November 2013

Pamrih Saking GUSTI? Ah….. Tidaakkk



Waosan : Lukas 14 : 12 – 14 Pamuji : KPK 165 Nats : “…lan kowé bakal nampa berkah; sebab wong-wong mau ora bakal males apa-apa marang kowé. Kowé bakal nampa opahmu saka Pangéran, mbésuk samangsa wong mursid padha katangèkaké.” [ayat 14]
Rikala kunjungan ing Koln Jerman tahun 2010, saking ngrika kula nampi pawartos setunggaling Milyarder sugih mblegedu, nembe ngedum arta lan bingkisan zakat fitrah. Awit kathahipun tiyang kecingkrangan ingkang rebutan arta kalawau temah puluhan tiyang cingkrang nemahi pejah jalaran kadheseg, kaidak dening asanes. Mesakaken sanget, tiyang miskin namung dados pancadanipun si sugih kangge minggah swarga.
Mila Gusti Yesus wanti-wanti yen kowe nganakake pista ing wayah awan lan bengi undhangen si miskin. Pista ing wanci enjing menika tegesipun pistanipun tiyang rekaos, jalaran waregipun badhe dados sangu anggenipun badhe nyambul damel. Dene pista awan lan bengi menika pestanipun tiyang sugih lan nengenaken seneng-seneng. Mila dhawuhipun Gusti cetha supados kita ngundhang di miskin ing pista awan lan bengi. Artosipun supados sedaya tiyang cingkrang ugi ngraosaken bingah. Awit, si miskin boten badhe saged gantos ngundang kita ing pista ingkang sami. Mila namung ngajeng-ajeng piwales saking Gusti Allah piyambak. Dene manawi ingkang kita undhang menika sami-sami tiyang sugih, mesti piyambakipun gantos ngundhang kita ing pistanipun, mila kita sampun pikantuk piwales.
Kantun sumangga kita kepingin nampi piwales saking tiyang sanes menapa saking Gusti Allah? Manawi panjenengan pingin pamrih saking sinten, Gusti menapa tiyang sanes? Kadospundi wangsulan panjenengan? Manawi kula, mboten kalih-kalihipun. Pamrih dhateng Gusti, langkung-langkung dhateng sesami? Ah….tidaaaak. Awit piwales saking Gusti lan tiyang tetep naminipun ngadhang pamrih. Anggen kita tumindak sae dhateng si miskin utawi si sugih boten awit kita nggadhahi pamrih, nanging amargi Gusti langkung rumiyin sampun paring karahayon dhateng kita. Sampun limrah manawi kita kedah tumindak sae dhateng sesami kita, langkung-langkung dhateng tiyang ingkang kesrakat gesangipun. [masto]
“Lelados tanpa pamrih ndhatengaken berkah.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar