Selasa, 12 November 2013

Peprentahaning Allah



Waosan : Wahyu 11 : 14 – 19
Pamuji : KPK 104 : 1, 2
Nats : “Dhuh Allah ingkang Mahakwaos, ingkang jumeneng Allah ing jaman samenika lan
ugi ing jaman rumiyin! Kawula sami saos sukur dhumateng Paduka, margi Paduka sampun ngagem pangwaos ingkang ageng, sarta sampun wiwit ngasta pepréntahan!” [ayat 17]

Waosan kita menika arupi penglihatan / visi (wangsit) ingkang dipun alami dening Yokanan ingkang nyerat Kitab Wahyu menika. Penglihatan menika satunggaling kawontenan ingkang badhe dumados. Pramila maujuding penglihatan menika dipun antos-antos sanget.
Wonten ing penglihatan menika Gusti Allah ngecakaken pangwasanipun ingkang ageng, Gusti Allah nindakaken peprentahan. Peprentahanipun Gusti Allah menika dipun sukuri dening umatipun. Ingkang dados pitakenan: kados pundi peprentahanipun Allah menika saged dipun sukuri? Awit manungsa menika umumipun boten remen dipun prentah, dipun reh (dikuasai) dening sintena kemawon. Manungsa kepingin bebas tanpa wonten ingkang ngereh. Peprentahanipun Gusti Allah menika sanes peprentahan ingkang sawenang-wenang (diktator). Ing peprentahanipun Gusti Allah menika wontenipun gemah ripah, loh jinawi, karta tur raharja (ayem tentrem boten kekirangan satunggal menapa). Karana Gusti Allah mrentah kanthi adil, leres lan wicaksana adhedhasar katresnan ingkang suci. Yen sadaya sami sumuyud dhateng peprentahanipun Allah, mesthi boten wonten cecongkrahan, panindhes, panerak. Pramila saking menika peprentahanipun Allah saestu nengsemaken lan mbingahaken. Lan sadaya ingkang sami masrahaken gesangipun dhateng peprentahanipun Allah mesthi boten badhe ngresula, nanging malah tansah saos sukur.
Ingkang menika, sumangga tansah masrahaken gesang kita dhateng pangreh utawi peprentahanipun Gusti Allah. Sumangga ugi tansah mbudidaya mujudaken peprentahanipun Allah wonten ing gesang bebrayan (kulawarga, greja lan masyarakat) kita. Marginipun nggih menika srana mbudidaya adeging kaadilan, kaleresan lan katresnan ing sadhengah papan, wekdal lan tumrap sintena kemawon. [ST]
“Manut ing pangrehe Gusti ndhatengaken katentreman sejati”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar