Jumat, 22 November 2013

Rancangan Gesang

Waosan : Lukas 16 : 1 – 8
Pamuji : KPK  62 : 1, 2
Nats : “Lurahe banjur ngalem marang juru gedhong kang ora temen iku, marga saka anggone duwe akal kang mangkono iku ”[ayat 8]

Kita nyambut damel wiwit enjing ngantos sonten temtu gadhah pengajeng-ajeng nampi asil ingkang nyekapi kabetahaning brayat kita. Nanging kadhang kala asil ingkang kita tampi boten cekap malah kita raos kirang kangge kabetahan sadinten-dinten. Paribasan “besar pasak daripada tiang” dados gambaran tiyang ingkang boten wicaksana mranata asiling padamelanipun. Saengga, langkung kathah belanjanipun tinimbang asilipun. Karana punika dipun betahaken pangertosan bab tata kelola asil padamelan sacara wicaksana. Pundi ingkang kangge kabetahan pokok, pundi ingkang namung dados pepenginan kemawon. Sedaya perlu dipun rancang sacara titi.
Waosan kita nyariosaken pasemon bab juru gedhong kang boten temen anggenipun nindakaken padamelanipun. Juru gedhong punika asring ngawut-awut barang darbe tuanipun. Pramila piyambakipun dipun dalaken saking padamelanipun. Piyambakipun ngrumaosi bilih sekedhap malih boten dados juru gedhong, pramila piyambakipun ngupaya nindakaken kasaenan dhateng para tiyang ingkang gadhah utang dhateng tuanipun. Piyambakipun maringi keringanan utang dhateng tiyang-tiyang punika. Ing rancanganipun, srana nindakaken kasaenan dhateng tiyang-tiyang wau, piyambakipun badhe pikantuk pitulungan sasampunipun boten dados juru gedhong. Rancangan ingkang mekaten kalawau ingkang dipun puji tuanipun.
Punapa ingkang dados rancangan kangge gesang kita lan anak-putu kita? Saben tiyang temtunipun gadhah rancangan ingkang benten setunggal lan sanesipun. Nanging ingkang kedah kita enget, masrahaken sedaya rancangan kita dhateng Gusti. Kita nyuwun kawicaksana supados saged nindakaken rancangan punika miturut karsanipun Gusti. Kita boten mangertos punapa ingkang badhe kelampahan ing ngajeng.  Nanging kita pitados bilih Gusti Allah kersa paring pitulungan lan kakiyatan kangge kita. Mugi kita saged nindakaken punapa ingkang dados rancangan kita kanthi wicaksan. Mekaten ugi kita dipun paringi pepadhang saged mangertosi rancangan katentreman lan kawilujengan tumraping gesang kita. Amin.[AR]
Gusti mberkahi sedaya rancangan tentrem rahayu kangge sedaya tiyang.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar