Kamis, 10 Januari 2013

Brayatipun Gusti Piyambak


Waosan : Efesus 2 : 11 – 22
Pamuji : KPK 78
Nats: “Marga saka iku, kowe dudu wong manca lan wong neneka maneh, nanging wus manjing dadi sagolongan karo para suci lan manjing dadi brayating Allah,” [ayat  19]
Ing pungkasan tahun 90-an, nalika negari kita miwiti perjuangan reformasi, wonten istilah ingkang kondhang sanget, inggih menika KKN. KKN menika ateges “Korupsi-Kolusi-Nepotisme”. Salah satunggal ingkang ketingal awon inggih menika bab “nepotisme”, awit saking nepotisme menika tiyang saged nguwaosi sakathahing perkawis ing negari Indonesia menika. Sinten ingkang gadhah hubungan (sesambetan)bebrayatan kaliyan para pangageng, dipun wastani saged gesang sekeca lan sugih raja brana.  Nanging sejatosipun, bab hubungan bebrayatan boten kedah awon kados dene ing tetembungan nepotisme kalawau. Sejatosipun, gesang bebrayatan menika gesang ingkang mbingahaken. Sinten ingkang boten bingah menawi gesang ayem tentrem kaliyan sedaya brayatipun? Kosok wangsulipun, kathah sanget nem-neman ingkang “broken home” (brayat ingkang bubrah), amargi brayatipun sami crah setunggal lan sanesipun. Menika nedahaken dhateng kita bilih gesang bebrayatan menika dados dhasaring gesang manungsa.
Waosan kita ing dinten menika nedahaken bilih minangka tiyang pitados, kita menika dados brayatipun Gusti Allah piyambak. Nanging, kita saged dados brayatipun Gusti piyambak menawi Gusti Yesus wonten ing satengahing gesang kita. Kurban rahipun Gusti Yesus ing Golgota menika ingkang nyaketaken kita kaliyan Gusti Allah piyambak. Lan minangka brayatipun Gusti, kita ugi gadhah “hak istimewa”. Kita sanes tamunipun Gusti, ananging brayatipun Gusti piyambak. Kita sedaya sampun kapilih dados brayatipun Gusti. Samenika, menapa lampah gesang kita sampun pantes dados byaratipun Gusti? Menapa lampah gesang kita tansah kabangun ing dhasar rahipun Gusti Yesus? Swawi kita nglampahi gesang dados brayatipun Allah srana tansah gesang rukun lan sih-sinihan satunggal lan satunggalipun. Nadyan kita benten-benten asal dunung kita, suku lan basa, kita sadaya namung sabrayat wonten ing Gusti Allah Sang Rama. Amin. [Mbing]
“Endah sanget menawi kita dados brayatipun Allah, sae ing lumahing bumi, mekaten ugi ing swarga.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar