Rabu, 16 Januari 2013

Wigatosing Wiwitan


Waosan : Markus 1 : 29 – 39
Pamuji : KPK 168
Nats: “Bareng bangun esuk, nalika isih peteng, Gusti Yesus wungu lan banjur miyos, tumuli tindak menyang panggonan kang sepi lan ndedonga ana ing kono.” [ayat. 35]
Wiwitaning sadaya pakaryan punika wigatos (penting) sanget. Conto:Start (wiwitan) ing lomba balapan lan nglangi (renang) namtokaken lampahing lomba. Yen sae saged mimpang. Yen lepat saged dipun diskwalifikasi (boten pareng nglajengaken lomba). Emanipun, asring ing Pangibadah Warsa Enggal kathah warganing pasamuwan ingkang boten rawuh. Kita enget kados pundi Gusti Yesus miwiti sadaya pakaryanipun ing donya. Panjenganipun miwiti klayan nindakaken siyam (puasa) 40 dinten.
Ing waosan kita dinten punika, Gusti Yesus miwiti pakaryanipun ing dinten puniku klayan ndedonga. Tamtunipun saben dinten Gusti Yesus miwiti sadaya pakaryan lan kegiatanipun srana pandonga. Namung kemawon boten dipun serat. Awit boten sadaya tumindakipun Gusti Yesus dipun serat, kados anggenipun dhahar, siram, lsp. Ing dinten puniku Gusti Yesus badhe nggelaraken Injil ing kitha-kitha tlatah Galilea. Inggih nggelaraken Injil punika ingkang dados pakaryanipun gusti Yesus saben dinten. Nadyan Gusti Yesus kagungan pangwasa ingkang agung lan kawicaksanan ingkang pinunjul, Panjenenganipun tetep miwiti pakaryanipun klayan pandonga. Dados pandonga miwiti pakaryanipun punika boten karana karingkihan lan winatesing kasagedanipun. Srana miwiti pakaryan lan kegiatan klayan pandonga, kita sagednindakaken pakaryan lan kegiatan kanthi:
§  ayem, boten ajrih lan kuwatos, awit yakin Gusti Allah mesthi nunggil,
§  sae, awit Gusti mesthi nuntun (membimbing) tumindak kita,
§  wilujeng, awit Gusti mesthi ngreksa,
§  sukses, awit Gusti mesthi mberkahi.
Sumangga kita tansah miwiti sadaya pakaryan lan kegiatan kita saben dinten kanthi ndedonga. “Tangi melek, merapikan diri, terus langsung ndonga” punika ingkang sae. Saos sokur atas pangreksa lan pangayomanipun Gusti salebeting tilem lan pandonga kangge kegiatan dinten puniku. Sampun ngandelaken kasagedan lan kapinteran. [ST]
“Miwiti kanthi becik ndadekake samubarang apik.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar