Rabu, 02 Januari 2013

Pepadhang Ing Satengahing Pepeteng


Bacaan: Yokanan 1: 1-6.
Pamuji: KJ 178: 1, 2.
Nats: “Ing kala purwa Sang Sabda iku ana, dene Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah sarta Sang Sabda iku Gusti Allah.” (ayat 1)
Mireng tembung sabda, mesthinipun pikiran kita tansah katujokaken dhumateng dhawuh-dhawuh sabda pangandika ing kitab suci. Dhawuh pangandika punika ngemu piweling, ngemu pangatag, ngemu piwucal, pameleh lan sanes-sanesipun. Punika pancen leres, awit sabda pangandika ing kitab suci minangka wujuding panuntuning gesang ingkang sinerat, supados ingkang sami maos lan nggilut-nggilut sabda punika saged nglampahi gesang kanthi tumata lan titi.
Nanging Sabda ingkang dipun pikajengaken dening Injil Yokanan benten kaliyan sabda pangandika ing kitab suci. Sabda ing Injil Yokanan punika katujokaken dhumateng pribadinipun Gusti Yesus Kristus. Sabda ingkang gesang ingkang ndadosaken pepadhang dhumateng sedaya tiyang ingkang sami nampi pepadhang punika.
Ing kala purwa sang sabda iku ana, dene Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah sarta Sang Sabda iku Gusti Allah. Pribadinipun Gusti Yesus Kristus ing ngriki dipun tepangaken dhumateng kita dening Injil Yokanan minangka Sabda ingkang Gesang, Sabda pribadinipun Gusti Allah, saperlu maringi pirsa bilih ing jaman punika Gusti Allah ngandika dhumateng manungsa lumantar Gusti Yesus Kristus kang sinebut Putra. Dados ing ngriki kawontenanipun Gusti Yesus nglangkungi kitab suci, utawi nglangkungi sabda-sabda ing kitab suci ingkang sarwi winates. Gusti Yesus minangka Pribadi dados pangejawantahipun “pelbagai ragam hikmat Allah”, wujud nyatanipun kawicaksananipun Gusti Allah, lan wujud nyata ingkang sampurna saking sipat lan kapribadenipun Gusti Allah. Intinipun Gusti Yesus Kristus inggih punika wujud sabda pangandika kang nyata, ingkang miyarsakaken penggalihing batos lan pangangen-angenipun Gusti Allah.
Saking waosan menika kita saged sinau lan mangertosi bilih sang Sabda kedah saged kita tampeni ing salebeting Gesang kita. Kita kedah saged mbikak korining manah kita, kanthi tujuan supados Gusti Yesus Kristus minangka sabda kang nyata saking Gusti Allah sageda manjing wonten ing gesang kita, murih tata titining gesang punika. Amin. (GaSa)
“Sing sapa nampani Sang Sabda bakal padhang lan tinuntun uripe.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar