Senin, 14 Januari 2013

Rinentahan Palimirma


Waosan : 1 Timotius 1 : 1 – 17
Pamuji : KPK 133
Nats: “Nanging malah iya marga saka iku aku banjur karentahan palimirma, supaya Gusti Yesus Kristus nelakna katoging kasabarane ana ing aku, kang gedhe dhewe dosaku, sarta dadia pangilon tumrap wong kang bakal padha pracaya marang Panjenengane, satemah oleh urip langgeng.” [ayat 16]
“Kula tyang dosa klangkung ageng rinentahan palimirma,” lsp. Suraosing kidung punika dados pengalaman iman gesanging karohanenipun Rasul Paulus.Piyambakipun mangertos bilih ingkang dados tujuanipun inkarnasi(penjelmaan) saking Putranipun Allah dados Mesias, Gusti Yesus Sang Kristus (ay. 5), inggih punika kangge milujengaken tiyang-tiyang dosa kados piyambakipun. Paulus ugi pirsa bilih tujuan saking pakaryanipun  Allah kangge piyambakipun ingkang mesthenipun boten patut nampeni palimirmaanipun, kangge nedahaken kadospundi agenging sih kamirahanipun Gusti ingkang tanpa upami lan kebak kesabaran.Tuladha ingkang mekaten punika, kaangkah ndadosaken tiyang sanes samia pitados dhateng Yesus Kristus, SangJuru Wilujeng, (ingkang dipun pitadosi dening Paulus). Lan kanthi mekaten lumebet lan nampeni gesang langgeng.
Kula lan panjenengan sami boten langkung sae katimbang kaliyan Paulus. Kita inggih para tiyang ingkang kebak dosa lan kalepatan, ananging wonten ing Sang Kristus Yesus kita sami nampeni palimirma. Satemah kita kauwalaken saking bebenduning dosa lan pinaringan gesang langgeng. Malah saben dinten kita dipun paringi kacekapan lan kabingahan. Kita kaparingan kesarasan lan kawilujengan. Sadaya punika sih palimirmanipun Gusti dhateng kita. Agenging Sih palimirmanipun Gusti punika, mberek (ngatag) kita ngecakaken gesang Kristen kanthi iman lan katresnan, boten malih gesang ing salebeting dosa, gesang ingkang kebak “ketidakpercayaan dan permusuhan”, nanging gesang ingkang tansah nampik sekatahing piwulang penasaran. Kados doksologi(pepujian) ing ayat 17, inggih mekaten ugi pamuji kita dhateng Gusti: “Ratune sakabehing jaman, Gusti Allah kang langgeng kawontenane, kang ora katingal, kang asipat tunggal, iku kacaosana hurmat lan kamulyana ing salawase!” Amin. [SS]
“Patute, mari nampani iku terus menehi.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar