Jumat, 18 Januari 2013

Greja Dulur Dhewe


Waosan : 1 Timotius 5 : 17 – 22
Pamuji : KPK 78 : 1,2
Nats: “Para pinituwa kang becik pangrehe iku pantes diajeni tikel kaping pindho, luwih maneh kang kabubuhan kotbah lan memulang” [ayat 17]
Peladosan ing tahun punika katindakaken sesarengan kaliyan Pinituwa lan Diaken daur enggal. Mangga sesarengan kita ngemut-emut malih proses panjang ingkang sampun kita alami ing pasamuwan kita piyambak-piyambak. Sedaya saged kalampahan karana Gusti Allah ingkang tansah nyarengi anggen kita miji para abdinipun. Menawi kita tingali sacara kamanungsan, pancen boten wonten ingkang sampurna. Ing satengah prosesnimbang-nimbang tamtunipun wonten sedherek-sedherek kita ingkang ngraosaken kawratan awit karana rumaos enggal lan dereng kathah pengalaman. Mugi sasampunipun dipunberkahi lan nampeni pembekalansaya manteb ing timbalanipun.
Para peladosing pasamuwan punika sejatosipun pirantosing Gusti Allah anggenipun badhe nata lan mranata pasamuwan. Anggenipun miji  nadyan ta lantaran warganing pasamuwan, tamtu kanthi tetimbangan, Gusti Allah boten ningali kapinteran, pengalaman, status sosial, nanging miji pribadi ingkang purun leladi kanthi setya. Awit saking punika, sampun ngantos kita ngganggep remeh tugas peladosan ing pasamuwan. Woten kawibawan rohani ingkang kasandhang, awit punika pakaryanipun Gusti Allah.
GKJW asring kasebat greja dulure dhewe. Biasanipun saperangan ingkang kapiji inggih sedherek-sedherek piyambak utawi rencang kita. Karana sedherek piyambak kita asring kirang ngajeni, ngremehaken karana rumaos mangertos punapa ingkang dados sae lan awonipun. Saking waosan ing dinten punika, sumangga kita ngajeni para peladosing pasamuwan, awit karana punapa ingkang dipun emban mujudaken karsanipun Gusti Allah. Mekaten ugi dhateng para abdinipun, mangga dipunsadhari bilih gesang sawetah panjenengan kaagem dening Gusti dados sesepuhing pasamuwan lan abdi. Mila kedah dipun prayitna anggenipun gesang. Kita ginaaken kawibawan karohanen saking Gusti kagem ngemutaken, ngiyataken lan paring tuladha gesang sae. [PKS]
“Ora ngajeni abdine, ateges uga ora ngajeni Kang Miji lan Nimbali.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar