Rabu, 30 Januari 2013

Juru Nyebar Wiji


Waosan : Markus 4 : 1 – 20
Pamuji : KPK 91
Nats: “Padha rungokna! Ana juru nyebar metu nyebar wiji.” [ayat. 3]
Piwulang ngangge pasemon ing perangan punika tujuanipun mitulungi lan sanes ngalang-alangi tiyang-tiyang nampeni kaleresanipun Gusti. Tata kamanungsan Kratonipun Allah kaluhuraken lan jumengkar srana wontenipun tiyang ingkang cumadhang nyebar wiji.Konsep(pangertosan) punika mujudaken prekawis ingkang baken lan wigatos kangge sedaya kegiatan pekabaran Injil. Ingkang kabetahaken dening para juru Pekabar Injil boten namung wasis (pinter) wicanten lan prigel ngrerimuk tiyang supados tiyang sami pitados. Ananging nyebar wiji inggih punika pangandikanipun Allah ing “siti” manahipun manungsa. Wiji gesang enggal punika inggih dhawuh pangandikanipun Allah. Tanpa sinebaran pangandikanipun Allah, boten badhe wonten setunggal tiyang kemawon ingkang dados Kristen.
Wonten bab-bab ingkang saged ngalang-alangi tiyang nampeni dhawuhipun Gusti:
1.     Sifat lan sikaping gesang “acuh tak acuh” karana manahipun dipun   wangkotaken dening Gusti (ayat.15),
2.     Gesanging karohanen ingkang dangkal utawi cethek (ayat. 17)
3.     Kagubel dening warni-warni prekawis i.p.: Kasusahaning donya, kasugihan, raos melik (ayat. 18-19).
Ananging menawi pangandika punika dipun pirengaken, katampi lan dipun mangertosi, sarta dipun pitadosi mesthi panen (ayat. 20). Dipun kadosa pundi kemawon panampining tiyang dhateng sabda pangandikanipun Gusti, timbalan nyebar wiji tetap kedah kita tindakaken.Kados dene tiyang ingkang nyebar wiji mesthi katindakaken kanthi bingah lan pangajeng-ajeng saged tuwuh subur. Kajawi punika, juru nyebar mesthi ngatos-atos supados wiji dhumawah ing papan ingkang tepak. Lah makaten ugi kita, anggen kita nyebar wiji dhawuhipun Gusti, kedah kinanthen raos bingah lan pangajeng-ajeng, saha kanthi empan papan lan kawontenan. Malah omong saomong, tembung satembung kita ugi kedah tansah empan papan lan kawontenan. Yen kita sembrana, wiji ingkang kita sebar boten badhe tuwuh sae. Upamia tuwuh, mbokmanawi malah nyrimpeti, lajeng dipun babad dening tiyang sanes. Amin. [SS]
“Supados pangucap lan tumindak kita maedahi, kita kedah tansah empan papan lan kawontenan.”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar