Senin, 28 Januari 2013

Juru Pirukun


Waosan : 2 Korinta 5 : 11 – 6 : 2
Pamuji : KPK 104 : 1,3
Nats: “Awit Gusti Allah lumantar Sang Kristus ngrukunake jagad karo Panjenengane Piyambak, ora ngetang panerake,
Lan masrahake pawarta karukunan iku marang kita”.[ayat. 19]
Saben tiyang ingkang gesang wonten alam donya punika gadhah pangajeng-ajeng  gesangipun saged rukun, sae ing satengahing brayat, pasamuwan lan ing masyarakat. Pangajeng-ajeng ingkang mekaten punika sae, karana yen kita rukun kaliyan sinten kemawon tamtu badhe nuwuhaken katentreman lan kawilujengan. Ananging sasampunipun manungsa dhawah ing dosa, kados-kados manungsa punika langkung asring tumindak jahat lan awon dhateng sesaminipun. Contonipun tindak KDRT (Kekerasan Dalam Rumah Tangga), tawuran warga, tawuran siswa sekolah, perang lsp. Lelampahan makaten kadhang ndadosaken kita rumaos ajrih lan kuatos. Pramila nuwuhaken karukunan ing gesang sanes perkawis ingkang gampil.
Rasul Paul nyerat layangipun kangge pasamuwan ing Korinta saperlu ngengetaken bilih Gusti Yesus sampun ngorbanaken sariranipun kangge ngrukunaken manungsa kaliyan Gusti Allah. Manungsa ingkang swaunipun kebak ing dosa, minangka pangorbananipun Gusti Yesus, manungsa pinaringan sih rahmat lan kawilujengan. Karana punika gesangipun para pitados boten malih gesang kangge kabetahanipun piyambak nanging kangge lelados dhateng Gusti. Para pandherekipun Gusti Yesus dipun timbali martosaken bab sih rahmatipun Gusti Allah punika dhateng sesaminipun. Kados Rasul Paul ingkang purun dados utusanipun Sang Kristus, mekaten pengajeng-ajengipun Rasul Paul dhateng pasamuwan Korinta. Pawartos bab sih rahmatipun Gusti dhateng pasamuwan Korinta punika ugi dados pawartos kangge kita. Kita sampun katebus dening Gusti Yesus lan karukunaken kaliyan Gusti Allah. Karana punika, kita dipun timbali martosaken bab sih rahmat lan pakaryanipun Gusti punika lumantar gesang kita sadinten-dinten. Contonipun,mujudaken karukunan kaliyan sinten kemawon. Kita dados juru pirukun ing satengahing brayat, pasamuwan ugi masyarakat. Sampun ngantos wonten pasulayan. Mekaten ugi kita nyuwun dhumateng Gusti Yesus supados dipun paringi kakiyatan lan kawicaksanan nindakaken gesang ingkang kebak karukunan lan katresnan. [AR]
“Rumaket dhateng Gusti Yesus ndadosaken gesang kita kebak karukunan”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar