Selasa, 28 Agustus 2012

Aja Lamis


Waosan : Matius 23: 23 – 36
Nats: “…lairmu katon mursid ana ing ngareping wong, nanging ing batinmu kebak isi lelamis lan duraka (ayat 28).”
Kawontenanipun produk imitasi (barang tiruan) ing jaman samenika sampun limrah kawontenanipun. Menawi dipun gatosaken tiyang-tiyang ingkang ngremeni sanget produk imitasi punika kagolong para “kawula alit” ingkang winates ing bab kasugihan, awit badhe nggayuh produk asli rumaos awrat ing bab reginipun. Langkung malih ing jaman samenika produk imitasi kwalitasipun boten tebih kaliyan produk asli, lan kadhang kala ingkang imitasi punika nggadhahi rupa utawi wujud ingkang langgkung endah tinimbang ingkang asli.
Ananging sayektosipun kita sedaya saged ngraosaken bilih nilai antawisipun product imatasi lan product asli mesthinipun boten sami. Yen kita kapurih miji  utawi milih, tamtunipun kita badhe miji ingkang asli. Nadyan ta awis nanging kwalitasipun estu saged dipun endelaken lan sampun saged dipun pesthi bilihproduk asli langkung sae.
Ngrembag bab imitasi lan asli kita kaadhepanken ing cariyos bab lamising para ahli Toret lan tiyang Farisi. Lair lan batosipun boten sami. Kados produk imitasi, kalih golongan punika nggadhahi wujud asli nangingkwalitasipun palsu utawi imitasi. Katingal sae ing lair nanging batosipun kebak kaliyan bab kadurjanan ingkang sanget boten dipun remeni dening Gusti Allah. Menawi produk imitasi saged kasebut limrah, nanging manungsa boten saged mekaten, awit Gusti ngersakaken antawisipun lair lan batos kedah sami, sae ing lair kedah ugi sae ing batin.
Waosan ing dinten punika ngatag kita sami supados kita punika saged nindakaken lelampahan ingkang sae, ingkang sarujuk kaliyan kersanipun Gusti inggih punika tumindak sae minangka wujuding paseksi kita tumrap kaluhuranipun Gusti Allah. Aja lamis ing sadhengah tembung lan lelampahan. Sampun ngantos namung sae ing pitembungan, nanging ing lebeting manah wonten raos serik. Kasaenaning wincanten kita kedah klair ing tindak-tanduk utami kita ingkang nyata. Amin. [gasa]
“Wong kang lamis, uripe amis”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar