Kamis, 30 Agustus 2012

Tinimbalan Dados Para Suci


Waosan : 1 Korinta 1: 1 – 9
Nats: “…,temah kowe padha tanpa cacad mbesuk ing dinane Gusti kita Yesus Kristus (ayat 8)”
Tembung “matur nuwun” kaucapaken nalika tiyang nembe nampi peparing saking tiyang sanes. Nadyan ta peparing menika namung sepele kemawon, lan malah mbokmenawi sanes kabetahanipun ingkang utami. Pamatur nuwun menika badhe saya ageng lan manteb saking lebeting manah yen peparing menika rinaos ageng sanget ajinipun tuwin ngremenaken. Menapa malih yen ajining peparing menika ngantos ing salamining gesang, pamatur nuwunipun mesthi nggih tanpa kendhat.
Kados dene para pendherekipun Gusti Yesus ing pasamuwan Korinta nalika samanten, kita dipun paringi kanugrahan agung ingkang ageng sanget ajinipun. Inggih menika bilih kita dipun sucekaken dening Gusti Yesus. Manungsa boten badhe saged nucekaken dhirinipun, kadosa pundi pambudidayanipun. Kasucen menika namung saged katindakaken lan kaparingaken dening ingkang Maha Suci, nenggih Gusti Yesus piyambak. Peparing kasucen menika boten namung kagem sawatawis wanci. Boten! Kanugrahan menika ingkang saged murugaken kita gesang tetunggilan kaliyan Gusti ingkang Maha Suci dadosa wonten ing jagad menika, nalika Panjenenganipun rawuh malih dhateng jagad, lan ing swarga langgeng. Pigunanipun kanugrahanipun Gusti menika ngantos ing salami-laminipun, dumugi ing kalanggengan.
Ingkang menika, mesthinipun gesang kita kebak ing pamatur nuwun dhumateng Gusti; pamatur nuwun ingkang agung lan manteb sarta tanpa kendhat. Sadaya lelampahaning gesang kita, tindak-tanduk kita kedahipun tansah linambaran raos sokur dhumateng Gusti Allah kang paring kanugrahan menika.
Ewasamanten, kita tinimbalan supados njagi kasucen menika wonten gesang kita, supados kita saged tetep saged dados golonganipun para suci. Gesang kita ingkang sampun kasucekaken menika sampun ngantos dicemarkan utawi dipun regedi dening tumindak dosa. Amin. [gasa]
“Namung ingkang kasucekaken ingkang saged tetunggilan kaliyan ingkang Maha Suci”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar