Minggu, 26 Agustus 2012

Ditansah Setya Ing Gusti Allah


Waosan: Yusak 24: 1-2; 15-18
Nats: “…menawa panimbangmu ora prayoga ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mara dina iki padha miliha sapa kang bakal kok bekteni,….(ayat 15)”
Ing salebeting gesangipun, manungsa asring dipun adhepaken ing maneka warni pilihan. Saben pilihanngemu iming-iming janji kang asipat nguntungaken, dadosa ing babagan kajasmanen utawi ing babagan karohanen. Nanging janji-janji saking sedaya pilihan, boten sedayanipun dados kasunyatan.
Salajengipun kathah sanget pilihan ingkang pungkasanipun mleset. janji janji dhumaten ingkang sami miji.
Kacariyos ing waosan punika Yusak lan bangsa Israel ngadhepi pinten-pinten pilihan bab sinten gusti ingkang kedah dipun piji dados junjungan, pepujan lan ratuning gesang ingkang kedah dipun bekteni, dipun ladosi, dipun sembah saha dipun luhuraken ing pigesangan punika. Ingkang kapiji inggih punika Gusti Allah, Allah-e bangsa Israel ingkang sampun ngentasaken bangsa Israel saking gesang kasangsaran ing tanah Mesir. Elokipun, kejawi Gusti Allah sampun kabukti kanthi cetha anggenipun nresnani Israel, ugi maringi janji ingkang luhur sanget kagem umatipun ingkang setya tuhu sumanggem dhateng Panjenenganipun, janjinipun punika bab kalanggengan gesang lan kawilujengan.
Boten kadaluwarsa menawi ing dinten punika kita ngemuti malih bab kenging menapa Gusti Allahe Israel ingkang kita piji dados ratuning gesang kita. Sepindhah Gusti boten namung paring janji bab kawilujenganing gesang sapangajeng, nanging ing kala kepengker ugi sampun kabukti anggenipun nresnani kita lumantar rawuhipun Sang Kristus Yesus ingkang sampun lila nanggel lan ngentasaken gesang kita saking pangwasaning dosa.
Sumangga lelampahan punika kita pengeti ing saben dinten, supados gesang kita tansah ngener ing Panjenenganipun lan boten kapilut ing panggodhaning donya. Anggen kita milih Gusti Allah dados Panutaning gesang kita, kedah linambaran kasetyan anggen kita tansah ndherek ngetut wingking ing satindak lan sakarsanipun Gusti. Amin. [gasa]
“Gusti tansah setya dhateng kita, kita ugi kedah setya dhumateng Gusti”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar